Minggu, 11 Januari 2015

Kagem Ibu



Tresna sihmu datan pernah luntur
Katresnanmu datan ana sing madani
Pangorbanan kang tanpa wates
Terus gembrojok dateng mami
Donga Ibu kang tulus
Tansah ngiringi angga mami
Ibu kang kinasih,
Sewu atur ora bakal bisa cukup
Banda donya seisi jagad ora bakal nutup katersnanmu marang mami
Ibu...
Aku bakal sregep lelaku kang bisa gawe mekare esemmu,
Esem kang ngebaki kalbu iki
Ibu...
Niyat ati namung hatur sembah bekti
Nyuwun donga kaagem ingkang putra

TAMPIK



Dewi Sanggalangit iku putrine Raja Kertajaya saka Kerajaan Kedhiri. Sanajan dheweke iku putri kang banget ayune, nanging dheweke durung gelem diwengku garwa. Akeh ratu-ratu sing kepengin nggarwa Sanggalangit, nanging kabeh ditolak.
            Sawijining dina, Sanggalangit ditari nikah wong tuwane. Dheweke gelem diwengku yen ana wong lanang kang bisa nyembadani apa kang dadi bebanane. Bebana kuwi minangka wangsiting Bathara Narada. Sanggalangit entuk wangsit nalika dheweke tapa 35 dina suwene. Bebana kuwi kalebu prajurit utawa nayaka panunggang kuda kang cacahe 140, kesenian anyar awujud beksan kang diiringi gamelan, lan kaping pungkasan yaiku bekakak kewan asesirah loro sing isih urip. Kertajaya karo garwane bingung anake bisa duwe pamanggih kaya mengkono. Nanging bethek-betheke wong tuwa sing pengin anake cepet diwengku ratu, Kertajaya banjur sarujuk lan nggawekake pengumuman sayembara.
            Ing liya papan, yaiku ing Bantarangin, ana ratu aran Kelana Sewandana. Ratu iku uga durung duwe sisihan. Mbiyen panjenengane tau ditolak karo Sanggalangit. Iku ndadekake dheweke wegah senengan karo wong wadon maneh. Pakulinane saiki malah ndhemeni bocah-bocah lanang sing dianggep bisa nglanggati nepsune. Para kawula ing Bantarangin bingung kepriye carane supaya ratune mau bisa mari saka pakulinan kang ora trep iku mau. Semono uga Bujang Ganong, patihe Kelana Sewandana. Mula, nalika Jangganong krungu kabar yen Kedhiri nganakake sayembara boyong putri, dheweke banjur matur karo Kelana Sewandana. Sawise Jangganong matur akeh-akeh karo Kelana, usulane mau disetujoni. Kelana banjur ngutus para kawulane nyepakake kabeh sing dadi bebanane Sanggalangit mau. Nayaka lan kesenian wis cumepak. Nanging kewan asesirah loro kapeksa durung ditemoni.
            Sanggalangit krungu kabar ngenani usahane Kelana Sewandana sing meh kasil kuwi. Dheweke keweden yen mengkone Kelana sing bakal dadi sisihane. Watake Kelana sing murang tata kuwi wis kawentar, ndadekak Sanggalangit sansaya wegah yen kudu dadi garwane. Dheweke dedonga marang Gusti supaa Kelana ora bisa menangake sayembara kasebut.
Kertajaya prahatin nemoni kahanane anake sing kaya mengkono. Panjenengane banjur ngutus Singo Barong sowan ing ngarsane. Singo Barong iku ratu ing Lodaya kang awujud singa lan duweni kadigdayan kang ngedab-edabi. Singo Barong banjur diutus ngalahake Kelana Sewandana. Yen dheweke kasil ngalahake Kelana, Singo Barong akal diwenehi bebungah yaiku separo saka negara Kedhiri. Singo Barong nyanggupi prentah kuwi. Dheweke lan para prajurit Lodaya kang uga awujud siluman ngluruk Bantarangin.
Prajurit-prajurit Lodaya lan Bantarangin padha kalah nalika tandhing. Sing keri mung Kelana Sewandana lan Singo Barong. Sanajan kasektene Singo Barong ngedab-edabi, nanging Kelana ora bisa dikalahake karo Singo Barong. Nalika Singo Barong kalah, dheweke njaluk tulung marang merak sing dadi kakuwatan lan sigaraning nyawane. Kelana kewalahan ngadhepi merak lan Singo Barong sing padha-padha nyerang dheweke. Kelana banjur ngetokake pecut Samandiman. Samandiman iku gegamane Kelana Sewandana kang awujud pecut sekti. Nalika Samandiman dipecutake marang Singo Barong lan merak, dumadakan wujude maleh dadi kewan asesirah loro lan lulut marang Kelana. Kewan kuwi banjur dijenengi reyog. Sarate Sanggalangit wis bisa disembadani kabeh karo Kelana. Kelana lan pengawale kabeh banjur tumuju Kedhiri saperlu nglamar Sanggalangit.
Sanggalangit tetep wegah diwengku garwa karo Kelana sanajan kabeh sarate wis disembadani. Kelana Sewandana murka. Dheweke lan para prajurite ngorak-arik Kedhiri amarga Kedhiri wis ora sembada marang sabdane dhewe.

KELIWENGAN



Dimas bocah umur 17 taun sing manggon ana kelas 3 SMA vaforit sing ana ing kutha Semarang iki mbiyen uripe harmonis, sadurunge bapake entuk promosi saka perusahane dadi menejer. Sadurunge Bapake Dimas dadi menejer ana perusahaan panggonane kerja iki, mbiyen uripe keluargane banget harmonis. Urip rumah tanggane banget seneng. Nanging, kuwi kabeh nalika pak Hartono, bapake Dimas entuk promosi saka panggonan awake kerja. Pak Hartono kena pacoban karo posisi sing dientukke. Pak hartono saiki wani main wong wadon liya. Pak hartono sing mbiyen dadi Bapak lan bojo sing kebak karo rasa asih saiki ilang kabeh kuwi ilang. Pak Hartono saiki wani tumindak serong. Pak Hartono saiki kerep balik tengah wengi lan wani moro tangan marang bojone. Bu Hartono kerep dadi sasaran amuke Pak Hartono nalika lagi ana masalah kantor utawa nlika di curigani bojone nak awake kuwi selingkuh lan liya-liyane.
Meh  saben bengi dimas kerungu tukarane Ibu lan Bapake. Dimas   sing saiki wis manggon ana kelas 3 SMA, sing mbutuhake konsentrasi kanggo sinau iki dadi mbubrah amerga kahanan keluwargane sing kaya mangkana. Dimas sing mbiyen sregep sinau lan ora tau mbolos sekolah iki, saiki awake wis wani mbolos sekolah lan ora pernah sinau. Dimas akeh banget ketinggalan materi sekolah lan materi ujian. Dimas, nalika pamit sekolah saka ibunu awake jarang mlebu sekolah. Awake pamit lunga sekolah, nanging nyatane awake lunga ana panggonan liya. Siti, kanca sekelase bingung amerga wis seminggu luwih Dimas ora tau mangkat sekolah, dimas kerep ditakokke marang guru-gurune amerga ora biyasane dimas kaya mengkana. Ana sekolahan dimas kagolong murid sing pinter lan sopan. Nalika teka sekolah, Siti karo Bagus lunga menyang omahe Dimas, menawa wonge loro. Nanging nalika mrana Dimas ora ana ning omah, Ibuke uga bingung amerga ou esuk Dimas pamit lunga sekolah.
Dimas saiki senenga kumpulan karo bocah-bocah sing ora bener sing ana ing dalanan. Nalika dimas lagi mlaku-mlaku dheweke ketemu karo Badrul sing ngenalna dheweke karo dunia hitam. Nalika kuwi sabibare sekolah, dimas lunga sakayah-kayah ana ndiwae manut olehe sikile jangkah. Nalika kuwi Badrul weruh Dimas lungguh lesu ana taman kota. Nang kana Badrul mulai nyedaki Dimas. Nak kana Badrul menehi rokok dimas sing sempet ditolak nanging mekso diterimo. Kenalane wong loro kuwi berlanjut. Sing awale Dimas diwenehi rokok suwe-suwe tambah malih saiki Dimas uga wani ngombe.
Ibune entuk surat pemanggilan amerga meh sesasi luwih, Dimas ora pernah lunga sekolah. Ibuke kaget amerga saben esuk Dimas pamit lunga sekolah. Dimas sing saben dina mulih bengi iki amerga ora krasan ana omah kerungu wong tuwane tukaran. Wektu iku, awake diamuk entek-entekan karong bapake amerga isin duwe anak kayok dheweke. Dimas ditundhung dikon lunga saka omah. Nalika iku Dimas maneni Bapake yen awake uga isin nduweni wong tuwo kaya Bapake kuwi. Sabenere Dimas sayang lan saake karo Ibune, nak dheweke lunga sapa maneh sing nulungi nalika Ibune kena amuk Bapake. Dimas lunga ana kancane anyar, yaiku Badrul. saiki Dimas ora tau lunga sekolah. Dimas sing mbiyen bocah sing ngerti sopan santun lan tatakrama malih dadi dimas bocah nakal. Dimas saiki wis ora trimo ngrokok lan ngombe maneh, nanging uga kenal karo obat-obat terlarang. Dimas uga diajari Badrul njambret ana terminal lan dalan.
Nalika dimas lan badrul beraksi njambret ana dalan, dasar lagi apes wong loro kuwi konangan wong-wong lan diceluki maling.  Wong loro mlau saparan-paran, nanging dasar lagi apes wong loro mou kecekel lan kena massa. Cah loro mou digebugki lan dikroyok massa, Dimas sing iso ucul saka massa mlayu nanging, ana ngarep dimas ditampani mobil, ketabrak, sikile keplindes mobil.
Nalika udan-udan wayah sore ngarep omah Dimas weruh siji keluwarga sing harmonis banget, sing ndadekake awake kelingan marang keluwargane. Saiki ibune wis ora ana amerga kena serangan jantung nalika awake ninggalna omah lan saiki Bapake wis nikah maneh karo demenane mbiyen. Dimas sing cacat lumpuh urip melu simbahe sing ana ning kampung.

Nandhang Tresna



Ing sawijining dina sabubare nyambut gawe Hadi ngajak Bagus menyang omahe Hadi. “Gus, mengko dolan omahku sek ya!”
            “Saiki, Mas?” Pitakone Bagus gumun. Bacute,  “Mambuku kecut kayak ngene e, tak adus sek a.”
            “Uwis, ora usah adus. Mengko adus ana ngomahku wae. Nang kana ngko arep kungkum sewengi muput ya rapapa!”
            Pisan iki Bagus ora bisa nolak ajakane Hadi. Ancen Bagus iki nalikane diajak Hadi ora pernah tau bisa nolak pengajake Hadi, bos ana panggonane kerja.
            Nalika lagi metu ratan cilik saka panggonan kerja, Hadi lan Bagus ditabrak motor. Pit motor sing ditumpaki wong loro kuwi ambruk. Hadi sing mbonceng mencelat sangka motoran nggelundhungake awake. Nanging, Bagus sing ngarep sing kudune siap malah babak bundhas. Bocah sing nabrak mou mandek nulungi, amerga nduweni rasa salah. Nalikane kuwi, Hadi meh wae njotos wong mou, sadurunge ngerti yen wong sing nabrak kuwi wong wadon ayu adhik tingkate kuliyahe mbiyen. Ratri jenenge.
            “Ealah, kowe ta Tri bakune, ngasik samar aku. Meh wae takjotos kowe nak helemmu ora mbok bukak.”
            “Iya Mas, ngapurane awakku, Mas. Wis arep ngilangke nyawamu”
            Bagus karo pringisan kandha: “Piye to, kok malah aku iki padha dijarke. Mbok ditulungi sek, mengko kangen-kangenane ditutukna meneh.” Karo mesem Hadi mangsuli, “kowe iki lho, Gus. Wis ayo tak boncengke. Tri, ayo mampir ana ngomahku sek suwe ora ketemu, mbakyumu Sri ana omah.” Pangajake Hadi. “oh iya Mas, sida karo Mbak Sri ta Mas?” pitakone Tri. Hadi ngiyani karo manthuk lan mesem.
            Nalikane tekan ana ngarep omah sing gedhe menggreng-menggreng, sing bukak lawange wong ayu jenenge Sri Lestari bojone Mas Hadi. Sri kaget nalika roh Bagus babak bundhas kaya mengkana. “lho, kowe genio, Gus?”
“anu mbk, mou kesonggol motore wong ayu.” Jawabe Bagus sing gawe wong padha guyu kabeh. Pancen, Bagus wis dianggep kaya adine dhewe ana keluargane Hadi. Mulane pawongane wis padha akrab lan kerep padha guyonan.
“Lho, ana dik Ratri barang ta.” Sri kaget lan seneng. Bacute, “wis ayo do mlebu. Ayo jagongane diterusna ana njero.” Pangajake Sri.
“Dik Ratri, apa saiki sampean wis bebojoan karo pacanganmu kae?” pitakone Sri. “Ora sida mbak, pacanganku sing mbiyen kae saiki wis bebojoan karo kenya liya. Dasar durung  jodhone mbak.” “Iyo dhik, padahal mbiyen runtang-runtung wong loro, sapa sing reti kahane jodho ya dhik.” Bagus nyauti takon marang Hadi lan Sri, “Mbak, Mas, sapa ta kenya kang ayu iki? Wiwit mou tak sawang tek wis akrab temen. Tak enten-enteni aku ya ora dikenalke ki sapa ta, Mas?” “Eh iya, ngasek lali aku sangkeng banget senengku. Iki Ratri adhik tingkatku pas kuliyah. Ratri iki Bagus pegawe ana panggonanku, nanging wis tak anggep kaya adhiku dhewe.”
Jebul anggone Hadi ngajak Bagus dolan mou ana perlune, ngrayakna limang taun perkawinane karo Sri, lan malem taun barunan.
“Dhik Bagus karo dhik Tri, ngapurane ya nak masakene kurang enak.” “Halah, mbak Sri iso wae. Wong jagone masak kok ngomong ora enak, mestine ya wenak tenan tho. Mbk, iki aku mou ko pasar tuku lele nak arep dipecel.” “matur nuwun, Tri.” Wong sing ana kana padha geguyonan kabeh. Ora disadari Ratri lan Bagus padha tertarik amerga sifate sing padha grapyak lan sumanak.
Suwe sabibare ketemuan iku, Bagus nduweni rasa seneng marang Ratri. Saben bengi lan saben ora ana kerjaan , Bagus senengane nglamunake Ratri. Wewayangane Ratri saben dina kerep katon ana ngarepe. Rasa kangen wis marang Ratri wis ngebaki atine Bagus. Semana uga karo Ratri. Bagus wis ora bisa ngempet rasa kangene marang Ratri. Sangsaya diempet sangsaya loro. Banjur Bagus ngomong apa anane marang Hadi sing wis dianggep kaya mase dhewe. Bagus njaluk nomer Hpne Ratri. Saben dina hubungane Bagus karo Ratri tenanan. Tresnane Bagus uga ditanggapi padha karo Ratri. Ratri uga tresna karo Bagus.
“Dhik Ratri, piye nak aku mara omahmu, kenalan karo Rama lan Ibumu?” pitakone Bagus kang ngagetke Ratri. “tenan Mas, Panjenengan purun lan kersa dolan ana omahku, ketemu keng Rama lan Ibu.” “Iya dhik, ketimbang awake dhewe ya wis padha dewasane apa maneh sing arep diluru.” “Menawi mekaten kula remen sanget, Mas.” Bagus ngekep Ratri kanthi rasa bungah lan seneng campur dadi siji.
Nalika Bagus dolan ana omahe Ratri, Bagus dek-dekan, gemeter lan wedi ditampik karo Bapake Ratri amerga dheweke lan Ratri secara bandha sugih keluargane Ratri. Kanthi rasa mantep, Bagus nothok lawang sing ana ngarepe. Lawang dibukak karo wong wadon tuwa gawa serbet, kaya abdine Bapake Ratri. “Mbah, Bapak wonten?” pitakone Bagus marang abdine Ratri. “Wonten cah bagus, mangga mlebet pinarak.” Abdi mou luru ndarane lan kandha ana tamu lanang nom arep ketemu karo panjenengane.
Pak Bambang, Bapake Ratri nemoni Bagus sing lungguh ana kamar tamu. Nalika Pak Bambang ana kana Bagus ngadek lan salaman. Jantunge Bagus sangsaya suwe deg-degane sangsaya banter, iso-iso Bapake Ratri dungu. Awake ngringet ayep. “Sapa nak, jenengmu?” pitakone Pak Bambang “Ba...Bagus, Pak.” Jawabe Bagus gugup. “ana kahanan apa awakmu rene nemoni kau?” pitakone Pak Bambang manih. Ana kana Bagus nyeritakke kabeh kahanan lan kekarepane Bagus njaluk restu arep bebojoan karo Ratri. Bapake Ratri kaget. Amerga, wis suwe banget ora ana bocah lanang sing wani karep kaya kuwi lan wani langsung nembung karo dheweke. “Apa pagaweanmu kok wani nglamar anakku?” pitakonan kuwi lumprah ditakokke nalikane anake arep diper bojo marang wong liya. Nanging Bagus arep njawab gugup, saking gemetere awake. “Apa bener kowe seneng karo anakku, cah bagus?” pitakone Pak Bambang marang Bagus. Jawabe Bagus kanthi mantep, “Inggih saestu Bapak, kula kaliyan Ratri sampun sami tresnane Bapak. Kula wonten mriki nyuwun pangestune kangge ngelamar lan nikah kaliyan Ratri, putrine Panjenengan.” “Tak restuni kuwi panjalukmu lan kowe wong loro wis padha senenge. Aku wong tuwa namung bisa ngeweki pangestune marang anake supaya urip mulya lan seneng.” “matur nuwun sanget, Bapak.” Atine Bagus banget senenge karo kabar kuwi. Akhire awake bisa sesandingan karo wong sing ditresnani. Rasa kuwatir lan wedi nalikane ditampik mao ilang musna ganti karo rasa seneng lan bungah. Wiwit kuwi kabeh persiapane nikah wis cumepak lan pungkasane wong loro mau nikah. Urip seneng lan mulya bebrayan.

oleh : Khoirun Nisa'

Minggu, 04 Januari 2015

AKSARA JAWA

Aksara JawaNah, menika babagan Aksara Jawa. Sinten kemawon ingkang badhe gladhen maos utawa nyerat aksara jawa saged ningali gambar ing ngandhap menika. n

AKSARA JAWA

PASANGAN




AKSARA MURDA LAN PASANGANE





AKSARA REKAN





AKSARA SWARA




ANGKA JAWA 


PRATANDHA