Jumat, 28 November 2014

JUDEG


apa kudu nganggo pecut jaran?
apa kudu nganggo samurai?
utawa nganggo meriam?
kabeh-kabeh ra mempan
wis nganti bosen anggonku mangerteni
sak temene aku sadar
yen aku dewe lagi mabuk surga donya
sing bener-bener nutupi mataku
aku ngerti iki ora patut
ana ing tengah udan angin campur petir iki
aku mangerteni, aku nyadari kaluputanku
sing saben wayah tak lakoni
aku bengak-bengok
ngundang sapa wae sing ora krungu
aku ngarepake uripku sing kala wingi. BALI.
nanging..
senadjan aku wis tansah ronyah-ranyih adus getih, adus dosa
nanging
ora ana kang mempan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar