Tampilkan postingan dengan label (Mengenal Sejarah Kota Asal). Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label (Mengenal Sejarah Kota Asal). Tampilkan semua postingan

Selasa, 16 Desember 2014

BABAD DUKUHSETI



... 
Buludono Wayah Ketiga
Sak lajengipun, sareng Mbah Brojonoto adhikipun mbah Brojoseti mangertosi menawi wonten dusun Dukuhseti sing di damel kangmase meniko toyanipun malimpah ruah saha dhateng Buludono nembe kekirangan toya. Lajeng mbah Brojonoto ngutus abdinipun dibetani kranjang ingkang kangge ngarit menika kapurih nyuwun toya dhumateng Mbah Brojoseti. Dumugi Dukuhseti abdinipun Mbah Brojonoto matur “mbah Brojoseti, kula dipun utus kaliyan Mbah Brojonoto kapurih nyuwun toya, sebab wonten Buludono tanemanipun sami garing mboten wonten toya, tanemanipun sami pejah.”
Mbah Brojoseti jawab, “Lho, wong jaluk banyu kok gawananmu keranjang, pamer yo? Wis kuwe baliyo. Matur karo ndaramu, mengko bengi tunggunen ana sawah karo ndaramu mengko tak kirimi banyu.”
Lajeng mbah Brojoseti nimbali kek Anggur, “Anggur!”, “dalem ndara” jawbe Kek Anggur.
“iki sliramu tak utus njupuk banyune Ki Gedhe tuwalang, iki tak gawani alat pecut lukon, iki mengko coblosna kali sing sisih kulon, mengko arahna ing desa Buludono.”
“sak mangke menawi kula konangan Ki Gedhe Tuwalang  pripun mbah?”
“mengko nak konangan kuwe mlayuo mengetan, mengko aku sing ngadepi.”
“inggih sendhiko mbah.”
“yo wis, budhalen bengi iki.”
Sareng sampun dumugi wonten panggenanipun, pecut lukon lajeng dicoblosna lepen, akhiripun toya lepen wono soyo lokak. Nalika Ki Gedhe Tuwalang mangertosi toyanipun asat, Ki Gedhe Tuwalang lajeng madosi tiyang ingkang sampun mundhut toyanipun. Akhire Ki Gedhe Tuwalang kepanggih kaliyan tiyang ingkang cikrak-cikruk lajeng dipun sapa. “Sapa sing njupuk banyuku?” mila wonten Buludono wonten sendang naminipun Sendang Sopo. Kek Anggur kaget lajeng mlayu mengaler, terus dipun gudak sehingga kecepeng wonten ing tengah wono Kembang. Mboten wonten ingkang nulung, sebab piyambakipun kesupen yen dipun dhawuhi mlayu mengetan malah mengalor. Mila lajeng kecepeng, lajeng dipun bondo dipun tumpangaken potongan kayu jati lajeng dipun sembelih jangganipun. Rahinipun mblabar-mblabar dados sabin Seblabar. Badhe sedanipun, mbah Anggur cekak-cekik, mila wonten mriku, wonten sabin naminipun Secekok.
Mbah Brojoseti sing ngenteni abdinipun rumaos sanget gelisah, ketar-ketir amargi ngantos siang abdinipun dereng wangsul. Lajeng mbah Brojoseti mireng yeng wonten tengah wono sebelah lor wonten tiyang ingkang dipejahi dipun sembelih kaliyan Ki Gedhe Tuwalang. Akhiripun kepanggih perang catur, Ki Gedhe Tuwalang kongkok terus perang tanding utawi jotos-jotosan. Ki Gedhe Tuwalang kawon, mlayu wonten tengahing wono. Nanging sadurunge pisah, Ki Gedhe Tuwalang nginteng-nginteng badhe bales kekawonane kalawou. Lajeng dalunipun Ki Gedhe Tuwalang mateg aji-aji dados celeng ingkang ageng sariget, ngrisak sedoyo taneman.
Enjingipun sedaya pendduk ngomongaken sedaya taneman ingkang risak. Wonten salah satunggiling penduduk ingkang ningo celeng ageng sing ngrisak sedaya taneman. Mbah Brojoseti mireng kabar punika, lajeng yakin meniwi sing ngrisak sedaya taneman punika celeng jelmaan saking Ki Gedhe Tuwalang. Pas wanci sonten mbah Brojoseti ngentosi metune celeng wonten sawah.
Nalika wanci dalu celeng jelmaan saking Ki Gedhe Tuwalang medal. Sareng mbah Brojoseti musuh celeng seradi kasoran, lajeng mbah Brojoseti mateg aji-aji jelma macan kang ageng sanget. Lajeng celeng musuh macan, akhire celenge kawon. Lajeng Ki Gedhe Tuwalang mungel, “He Brojo, kuwe iso jelma macan, mula kuwe tak juluki Singobarong.” Singa artine macan, barong artine ngamuk. Milo lajeng dipun sebat mbah Brojoseti Singbarong. Ki Gedhe Tuwalang lajeng ngutus abdinipun kapurih nembok/nanggul toyanipun sekinten mboten mili wonten wilayahipun mbah Brojoseti Singobarong. Sareng Mbah Brojoseti Singobarong mangertos menawi toyanipun dipun tanggul, milo lajeng ngungel utawi dipun sabdakaken, “yo, senajan pariku urip karo lamur, nanging tahunan ora bakal dipangan bubuk bang, nanging parimu senajan urip karo banyu ora nganti “sambel pelem” wis dipangan bubuk bang.”
Akhire Ki Gedhe Tuwalang tambah nesune, terus jaluk tulung karo gurune, lajeng piyambake saget jelma ula naga ingkang sanget ageng dipun iringi banjir bandang, terus lakak-lakak madosi mbah Brojoseti Singobarong kanthi mugel, “ayo maju kuwe Singobarong yen kuwe lanang tenan. ” mbah Brojoseti Singobarong lajeng medal, sareng meningo sawer ingkang sangking ageng menika piyambakipun minder, mboten wantun nandingi.
Lajeng mbah Brojoseti Singobarong kesah wonten Buludono, sowan dateng gurunipun iggih menika mbah ahmad Mutamakin.
Lajeng mbah Brojoseti Singobarong matur kaliyan gurunipun, “bilih kula gadah musuh ingkang saget jelma celeng lan sanes-sanesipun punika sampun saget kula atasi sedoyo. Ageng Nanging, ingkang piyambakipun saget ndatengaken banjir bandang saha saget jelma sawer ingkang ageng sanget, kula mboten wantun mbah.”
Jawabe mbah Ahmad Mutamakin, “Lha kuwe iki wong lanang, gagah, musuh ngunu wae kok wedi. Wis, iki tak gawani alat rupa dhuk, mengko cegaten enteni nganti satekane. Mengko yenwis teka candaken buntute, terus taleni, nanging aja mbok pateni, gereten alangno ana kali ben dadi tontonan lan ben dadi wot wong kang arep nyebrang kali.”
“inggih mbah, nyuwus pangestunipun.”
Lajeng mbah Brojoseti Singobarong ngrantos datengipun musuh ngantos pinten-pinten dalu dipun kroyok lamuk, dipun usapi ngantos undhung-undhung. Milo lajeng wonteng mriku ngajeng makam wonten panggenan ingkang dipun westani Kupundhung lamuk.
Ngadepi wanci dalu, mboten antawis dangu, Ki Gedhe Tuwalang medal saking tengah wono, mawi jelma sawer ingkang dipun sarengi banjir bandang, lajeng mbah Brojoseti Singobarong jumeneng, mapak datengipun sawer punika. Sawer lajeng nantang, “Ayo Singobarong majuo, yen sira lanang tenan.”  Lajeng mbah Brojoseti Singobarong mboten serantan lajeng ambyur, sawer dipun tubruk, dipun candak buntutipun, lajeng dipun tangsuli. Sawer dipun geret tumuju wonten kali. Lajeng dialangaken dados wot. Milo rupanipun sawer cemeng kados watu wonten kali, lajeng dipun sebat Tuwalang,  inggih menika watu kang malang.
TAMAT

Minggu, 07 Desember 2014

BABAD DUKUHSETI



Awal kedadosanipun dusun Dukuhseti diun wiwiti salah satunggiling tokoh masyarakat ingkang mapan wonten ing dusun Tegalombo, ingkang dipun sebat Ki Gedhe Tegalombo. Ki Gedhe Tegalombo priyantun saking Serang Banten. Panjenenganipun kepingin merjuangaken Agama Islam wonten ing wilayah Pati Lor, inkang pendudukipun derang mangenal Agama Islam. Ki Gedhe Tegalombo kagungan putera tiga, inggih menika : 1. Brojoseti, 2. Brojonoto, 3. Retno Kencono.
Nalika taksih timur Mbah Brojoset meguru wonten ing Banten Serang. Sak sampunipun rampung anggenipun sinau, lajeng nusul ramanipun wonten ing Tegalombo. Sak sampunipun dumugi Tegalombo, mbah Brojoseti dipun dawuhi ramanipun kapuri mondhok utawi meguru kaliyan mbah Ahmad Mutamakin Kajen. Dene ingkang Brojoseti meguru kaliyan Kologumarang sebangsa jin. Nalika meguru Brojoseti kagungan kanca inggih menika Klabangkara, Payuda lan Seca, meguru kanuragan utawi kejadugan. Dene Retno Kencana taksih dipun didik ramanipun piyambak. Mbah Brojoseti sak sampunipun meguru kaliyan Kalagumarang lajeng meguru keagamaan kaliyan Mbah Ahmad Mutamakin Kajen. Sak sampunipun meguru, panjenenganipun karma kaliyan wanita Buludono ingkang sak mangke kasebat desa Bulumanis. Lajeng panjenenganipun netep wonten ing Buludono, babat pertanian wonten ing Buludono.
Lungane  Retna Kencana
Wondene kawontenan ing Tegalombo, wonten salah satunggiling kaneman ingkang asesilih Jaka Selining inggih menika putranipun Ki Gede Tunggul Wulung, Banyutawa, asring tindak wonten ing Tegalombo. Sareng meninga Retno Kencana ingkang sulistira ing warni, Jaka Selining manahipun katresnan dateng Retna Kencana saha kepingin garwa kaliyan Retno Kencana. Lajeng piyambakipun silaturahmi dateng   dalemipun Ki Gedhe Tegalombo kaliyan matur, “mbah, Retna Kencana badhe kula suwun, kula pendhet  garwa, panjenengan nglilakaken nggih mbah? ”. Ki Gede Tegalombo jawab, “lho nak, agamamu kan bedho karo aku? Apa sira gelem anut aku mlebu agama Islam?” jawab Jaka Selining, “siap mbah, asal kula dipun tampi.” Lajeng Jaka Selining dipun dawuhi wangsung, putrinipun badhe dipun taros rumiyin. Ki Gede Tegalombo selajeng dhawuhi putranipun Retna Kencana dipun dhawuhi katah – katah, wosipun badhe dipun nikahaken kaliyan Jaka Selining putra kakungipun Ki Gede Tunggul Wulung, Banyutawa. Retna Kenca sareng mireng dhawuhipun ramane kala wahu lajeng trenyuh, kaget jalaran Jaka Selining menika pasuryanipun mboten ganteng tur agamanipun sanes. Piyambakipun kenndel mboten jawab rumaos kebingungan badhe nolak mboten wantun, mula lajeng kerenthek badhe nilar griyanipun. Badhe kabur sak kayak – kayah. Dalunipun, piyambake lajeng ngringkesi agemanipun. Antawis tengah dalu lajeng kesah bekta agemanipun sedaya, tumuju wana mlampah ngidul terus ngantos dumugi enjang. Sareng sampun dumugi tengahing wana, meyambakipun meningo griya alit, ingkang payunipun menika saking alang-alang, lajeng piyambakipun tumuju dateng ngriku. Kaleres menika dalemipun Nyai Dukuh. Randa sepuh ingkan mboten gadhah keluarga. Wekdal menika Nyai Dukuh nembe ramban ron petet meningo lare estri mlampah piyambakan, lajeng dipun purugi, dipun takeni, “lho ndhuk, kowe bocah ndhi, kancamu sapa, kuwe putrane sapa, jenengmu sapa?” Retna Kencana lajeng jawab, “nami kula Retna Kencana mbah, kula mboten gadah tiyang sepuh, mboten gadah keluarga, kula lare kabur kanginan, mbah.” Nyai Dukuh lajeng matur “kuwe takpek anak, takjak omah-omah neng tengah alsa kene iki kuwe gelem ndhuk?” jawabe Retna Kencana, “Alhamdulillah, kula purun mbah, menawi nyai purun nggateni kula.” “ya wis, yen ngunu ayo mulih ning gubukku cilik kae.”
Sareng sampun enjang, Ki Gede tegalombo mirsani putrinipun Retna Kencana wonten griya dereng tangi, lajen dipun tuweni wonten kamaripun mboten wonten, Ki Gede tegalombo rumaos kaget. Dipun padosi wonten tangga tepalihipun mboten wonten, lajeng dipun padosi wonten Banyutawa, anggenipun Ki Gede Tegalombo mbok menawi dipun betha mlajeng kaliyan Jaka Selining. Ananging mboten wonten. Sehingga Jaka Selining ugi ndherek madosi, ananging mboten saged manggehaken. Akhiripun, Ki Gede Tegalombo murugi putranipun wonten Kajen, Brojoseti kaliyan Brojonoto kapurih madosi adike ingkang kabur saking griya.  Lajeng Brojoseti nyuwun pirsa arah-arahanipun anggene madosi adike kalayan gurunipun inggih menika Mbah Ahmad Mutamakin. Lajeng dipun paringi arah-arahanipun kapurih madosi dateng tengahing wana sak kelilingipun Desa Banyutawa. Sak estu lajeng Brojoseti kalayan Brojonoto madosi wonten tengahing wana, pinanggih kalayan Nyi Dukuh. Lajeng dipun takeni, “mbah, panjengan ningo lare estri ingkang kesah piyambakan mboten mawi kanca mriki, mboten?” lajeng Nyai Dukuh pitaken “panjengan sinten naminipun? Lajeng panjenengan tiyang pundi?” jawabipun, “nami kula Brojoseti, kula putranipun Ki Gede Tegalombo, kula niki madosi adik kula ingkang naminipun Retna Kencana, mbah.” Nyai dukuh langsung jawab, “inggih, kula meningo nak, naminipun Retna Kencana, kala wingi kepanggihan wonten tengah wana, untunge mboten diganggu kaliyan satu galak lan bangsa lelembut dateng wana mriki niku katah sanget. Lajeng piyambake kula pendet putra purun.”
Lajeng Nyi Dukuh kaliyan Brojoseti tumuju griyanipun Nyi Dukuh methuk adike. Sak sampune mireng cariyos sebab adike minggat saking griya, Brojoseti melas dateng adike lajeng Brojoseti nitipke adike marang Nyi Dukuh, benjang sak rampunge Brojoseti meguru, panjenengane badhe tumut kaliyan adike wonten griyanipun Nyi Dukuh lan badhe babat wana mriku supados saget dipun damel sawah.
Asal Jeneng Dukuhseti
Wana lajeng dipun babati dening Mbah Brojoseti, Nyi Dukuh, saha dipun bantu kaliyan abdinipun inggih menika Mbah Anggur. Wonten ngriku sedaya satu kewan galak, jin, setan sami ngamuk sebab panggenanipun dipun rusak, nanging mbah Brojoseti mboten mindersebab piyambakipun sampun kebak ilmu agama saha ilmu kanuragan, sedaya dipun atasi kanthi sukses. Akhiripun dados dusun ingkang loh jinawe, subur makmur. Gandeng ingkang babat pertama Nyai Dukuh kaliyan Mbah Brojoseti, mula lajeng dipun paringi nami DESA DUKUHSETI.
Bersambung...

Selasa, 02 Desember 2014

Sejarah Berdirinya Kota Wonosobo

                                      BABAD WONOSOBO
Ngepasi taun 1825, wekdal sakmenika taksih jaman perang pangeran Diponegoro. Jaman semanten pangeran Diponegoro perang berontak nglawan Walanda. Pangeran Diponegara inggih menika putrane raja Mataram. Panjenengane asli saking kraton Ngayogyakarta. Ananging nalika badhe didadekake  penggantine bapakke dados raja ing kraton panjenengane Pangeran Diponegoro boten purun.
Pangeran Dipponegoro wiwit taksih alit sampun dilatih prihatin kaliyan keadaanipun, saking latar belakang kondisi jaman sakmenika ingkang nyebabaken  panjenganipun kedah dados tiyang ingkang merjuangaken hakipun tiyang alit. Wiwit saking menika Pangeran Diponegoro ingkang rumaos tiyang ingkang asli kelairan Tanah Air niki, panjenengane boten seranta mirsani masyarakat sekitar ingkang dipun persani diperlakokake sewiyah-wiyah kaliyan walanda. Panjenengane derek biyantu dhumateng para pejuang ingkang sami berontak marang penjajah.
Ngepasaken wekdal bapakipun turun tahta, bapakipun ngajengaken supados Pangeran Diponegoro nggantosaken perjuanganipun dados raja ing kraton. Nanging Pangeran Diponegoro boten purun kaliyan kekajenganipun bapake, piyambakipun milih budhal saking kraton. Panjenengane dikancani dening pengikut-pengikute, salah satunggaling asma pengikutipun inggih menika Raden Setjonegoro.
Inggih menika salah satunggaling prajurit Pangeran Diponegoro, kasebat nama Raden Setjanegara. Raden Setjanegara kesah wonten ing Tegal  Reja tumut Pangeran  Diponegara. Raden Setjanegara piyambakkipun taksih keturunan kraton. Piyambakipun prajurit Pangeran Diponegoro ingkang sanget setia ambiyantu perang Pangeran Diponegoro lumampah wonten pundi kemawon. Kaliyan para pengikute Pangeran Diponegoro pindah wonten ing TegalRejo. Para kyai  inggih menika Kyai Kaladete tumut sareng kaliyan Raden Setjanegara budhal wonten ing Tegal Reja. Tumut perjuangan wonten mrika. Pangeran Diponegoro  luwih minat aktif wonten ing bidang keagamaan. Panjenengane sanget aktif Nyiaraken babagan agama islam ngajak tiyang-tiyang supados mlebet wonten ing ajaran islam.
Pangeran Diponegoro wonten ing Tegal Rejo, wonten ing panggonanipun simbahe. Dibiyantu kaliyan para pengikute menika Pangeran Diponegoro gadah pasukan peranti nglawan berontak kaliyan walanda. Pangeran Diponegoro adamel pasukan pemberontak kaliyan  para kiyai lan pengikutipun. Andadosaken para tentara walanda sami wedos jaman sakmenika. Pangeran Diponegara maringi mandate dhateng Raden Setjanegara supados dados Prajuritipun wonten ing TegalReja.

Wonten ing salah satunggaling dinten, pasukan Pangeran Diponegoro diserang kaliyan tentara Walanda. Wektu ing jaman sakmenika Walanda kalah lan telas-telasan perang kaliyan pasukanipun Pangeran Diponegoro.
Kekalahan menika andadosaken pihak walanda ngampet dendam kaliyan Pangeran Diponegoro. Pihak Walanda ngawontenaken kados sayembara, inggih menika sinten kemawon ingkang saget nemokaken Pangeran Diponegoro, piyambakipun angsal upah saking walanda. Kahanan menika andadosaken uber-uberan kaliyan walanda.
Nanging ingkang dipun kajengaken pihak Walanda ngantos dangu boten nuwuhaken hasil. Kahanan menika andadosaken jengkele pihak Walanda. Warni-warni cara supados angsal Pangeran Diponegoro.
Dumugi wekdalipun Walanda mangertosi menawi panggenanipun Raden Setjanegara lan pasukan wonten ing Tegal Reja. Persinggahannipun Pangeran Diponegoro dipun serang kaliyan Walanda. Wekdal sakmenika Raden Setjanegara kaliyan Pangeran Diponegoro ugi para Prajurit taksih sami lena amargi sami saweg istirahat. Wekdal menika dalu.
Lajeng sanget kaget lan posisi boten siap, lajeng maringi pirsa dateng Pangeran Diponegoro bab penyerangan menika lajeng Raden Setjanegara, Pangeran Diponegoro lan para prajurit nglawan kanthi tenaga sak wontene. Wekdal semanten pihakkipun Pangeran Diponegoro kalah kaliyan Walanda. Kathah saking pasukanipun Pangeran Diponegoro ingkang pejah lan porak poranda. Para kiayi lan para pengikutipun Pangeran Diponegoro sami misah, pecah morak-marik.
Semanten ugi kaliyan Pangeran Diponegoro piyambak, piyambakipun mecah misah budhal saking Tegal Rejo. Dipun kancani kaliyan pengikut lan para kiayi sing isih turah, kaya Raden Tumenggung Setjonegoro, kiayi Kala Dete lan isih akeh liyane.
Bareng-bareng Raden Tumenggung Setjonegoro lan para kiayi, Pangeran Diponegoro mencar mlayu wonten ing daerah Pekalongan, Bawang, Batang. ingkang sak sampunnipun ngliwati mergi menika Raden Tumenggung Setjanegoro mlebet ing daerah pegunungan Dieng. Wekdal  menika Kawasan Dieng taksih awujud alas. Daerah menika asrep amargi awujud pegunungan.  Wekdal sak menika dereng wonten pemukiman wonten ing daerah pegunungan menika. Lajeng pangeran Diponegoro sanget sarujuk menawi Raden Setjanegara mantep manggen ing daerah pegunungan menika.
Lajeng para kiayi lan Raden Setjonegoro nerusaken lampahanipun mandap saking Dieng ingkang ugi taksih awujud alas. Lampahanipun Raden Setjonegoro kaliyan para kiayi menika andadosaken remen ing panggalihipun.
Sak sampunipun ngiteri alas menika Raden Setjonegoro karep badhe Babad Alas menika, lan dadosaken Alas menika dados panggonan kagem ngumpet. Pangeran Diponegoro sanget remen kaliyan daerah menika amargi, daerah menika sanget strategis kagem bertahan lan nyerang nglawan Walanda, amargi daerah menika daerah pegunungan sanget ideal kagem para pejuang pendukung Diponegoro.
Awit saking menika lajeng Raden Setjanegoro kaliyan Kyai KalaDete dibiayantu nkaliyan kiayi Walik lan murid-murid babad alas menika. Dadosaken daerah menika pemukiman lajeng maringi nami daerah-daerah menika. Raden Setjanegara andadosken daerah menika kagem masang strategi penyerangan nglawan Walanda.
Raden Setjanegoro maringi asma alas menika Wonosobo. Arti Wonosobo inggih menika saking tembung Wono = alas Saba/sobo= pada teka. Lajeng Raden Setjanegoro dipun sebat tiyang ingkang pertama kali bubak alas Wonosobo. Wontening Wonosobo, Raden Setjanegara nglampahi kaping-kaping perang kaliyan Walanda. Walanda ingkang sampun nyebar ing tlatah Jawi sampun mlebet ing daerah Wonosobo. Awit saking menika lajeng Raden Setjanegoro kaliyan Kyai KalaDete dibiayantu kaliyan kiayi Walik lan murid-murid babad alas menika. Dadosaken daerah menika pemukiman lajeng maringi nami daerah-daerah menika. Raden Setjanegara andadosken daerah menika kagem masang strategi penyerangan nglawan Walanda. Awit saking daerah menika arupi pegunungan sanget sae kagem pertahanan.
                Raden Setjanegoro sak derengipun mlampah mangulon, panjenengnipun kathah maringi asma kaliyan daerah-daerah ingkang dipun liwati, upami, wekdal panjenengane mlampah mangidul,  panjenengane ngginakaken jaran kapanggih kaliyan tiyang kakung sampun sepuh taksih mecah watu, tiyang menika nggadahi asma mbah Krama, tiyang sepuh menika saweg mecah watu. Lajeng daerah menika kaliyan Raden Setjanegoro dipun paringi asma Selomerto, inggih menika saking tembung Selo=Watu/Merto=Mbah Merto.
Lajeng Raden Setjonegoro kaliyan kiyai Kala Dete kiayi Walik lan Raden Mangun Kusuma nglajengaken lampahanipun mangidul malih, panjenengane mirsani watu kalih jejeran, lajeng panggonan menika diparingi asma Selokrama Selo=Watu/Krama=bebojoan. Lajeng mangidul malih panjenengane mirsani pemandangan ingkang sarwa elok ing soca, lajeng panggonan menika dipun paringi asma Sawangan. Inggih menika ingkang anggadahi arti disawang-sawang katon elok.
Raden Setjonegoro babad Alas menika dipun kancani kaliyan para pengikutipun inggih menika para kiayi. Panajenengane bareng-bareng ngiteri daerah Wonosobo lan damel pemukiman sarta mergi-mergi ing tengah daerah wonosobo.
Raden Setjonegoro lajeng dados ingkang mrintah wonten Wonosobo nomer satunggal. Ingkang wekdal menika taksih arupi kerajaan. Kerajaan sak meinka dados bentengipun saking Pangeran Diponegoro saking Wonosobo. Ingkang wekdal menika Wonosobo taksih peninggalan jaman Kerajaan Mataram.
Raden Setjonegoro damel padepokan wonten ing Selomerto, padepokan menika kangge pepanggihan kaliyan petinggi-petinggi keraajaan wekdal menika. Wekdal menika  pusat pamrentahan Wonosobo menika wonten ing Selomerto. . Raden Setjanegara dipilih dados prajurit mimpin pasukan wonten ing penyerangan Walanda ing daerah Wonosobo. Raden Setjanegara dipun arani Tumenggung amargi anggenipun perang Walanda   ngantos daerah Magelang, Purworejo, Kebumen lan Wonosobo. Daerah penyeranganipun Raden Setjanegara menika dipun wastani daerah Ledok. Lan aslinipun asma Wonosobo menika woonten ing Selomerto, teng mrika wonten daerah ingkang asma Wonosobo. Pramila sakmenika wonten daerah ingkang dipun sebat Tunggara, saking tembung Turangga utawi Jaran.  Dipun critakaken menawi daerah menika wauipun didadosaken panggenan nguger jaran para ppanginggil kerajaan, daerah menika wonten ing pojk paling kidul daerah Wonosobo. Amargi kala jaman rumiyin upami badhe budhal wonten padepokan/pendopo kedah ninggal jaran wonten Turangga menika. Boten angsal ambekta jaran wonten ing sak lebetipun lingkungan Pendopo. Lan akhire Raden Setjanegara sampun tebih mlampah mangilen, lajeng piyambakipun dhateng wonten kraton Selomerto. Dados daerah kota Wonosobo ingkang  menika namung pelebaran saking Selomerto rumiyin.
Ananging wekdal taun1830 Raden Setjonegoro ngawontenaken boyong kori pusat Pamrentahan Wonosoobo, ingkang sakderengipun mneika saking desa Plobangan Selomerto pinuju wonten ing daerah Wonosobo kota ingkang sak niki. Raden Tumenggung pindah wonten ing Pendopo Kabupaten. Sistem pamrentahan sakmenika taksih migunakaken sistim pamrentahan  Mataram, awitipun daerah Wonosobo kala riyen menika dipun kuasani kaliyan kerajaan hindhu-budha Mataraman.
Lingkungan Pendopo menika dipun damel lan diatur dening para kiayi, kiayi kaladete, kiayi Walik lan Kiayi Karim.
Sejatosipun Raden Setjanegara menika inggih tiyang nomer sepisan ingkang babad alas Wonosobo, ananging sak sampunipun babad panjenengane lajeng ninggalaken Wonosobo. Mubeng wonten ing daerah-daerah sanesipun.
Niki andadosaken pamanggih iingkang benten, amargi sak derengipun Raden Setjanegoro badhe budhal saking Wonosobo piyambakipun ninggal para kiayi kangge tetep manggon wonten  ing Wonosobo. Inggih menika kiayi Kaladete, kiayi Walik lan Kiayi Karim.
Para kiayi menika lajeng nerusaken lelampahanipun dipun rencangi para keluarganipun piyambak-piyambak. Para kiayi menika manggon wonten ing daerah ingkang benten.
Kiayi Walik wonten ing daerah ingkang rada rendah, ngggih menika wonten ing kuthanipun Wonosobo. Kiyai Walik menika murid saking kiyai Kaladete. Kiyai Walik luwih asring obah wonten ing bidang keagamaan. Peran Kiyai Walik nggadahi keistimewaan, boten ketang jati dirinipun boten dipun mangertosi, punapa piyambakipun menika tiyang ulama utawi panginggil. Nanging ing cetha piyambakipun aktif wonten ing bidang keagamaan. Miturut masyarakat panjenengane nggadahi kekiyatan ingkang luarbiasa. Panjenenganne disebat dados perintis tatanan pembangunan kota Wonosobo. Ingkang wekdal menika tasih awujud alas.
Miturut cariyosipun pocapan kiyai Walik menika sanged manjur lan dados kedadean. Wonten tuladha wekdal kiyai Walik wonten ing satunggaling panggonan piyambakipun nyebar gabah kaliyan ngendika ning kene arep dadi panggonan suci. Punapa ingkang dipun ngendikaaken menika dados kesunyatan. Ing wekdal Wonosobo sampun berkembang, panggenan menika dibangun sebuah masjid menika masjid Jami’.
Wonten ing panggenan sanesipun, panjenengane nyebar gabah kaliyan ngendika ning kene arep kumpul wong-wong ingkang durjana. Lajeng panggenan menika ngadek penjara. Lajeng nyebar ing daerah sanesipun nyebar gabah kaliyan ngendika ning kene arep kumpul wong-wong akeh. Lajeng sak menika  panggenan niku dados alun-alun Wonosobo.
Kaliyan kapinteran lan kesalehanipun panjenengane bangun Wonosobo kanthi tatanan islam. Kados ingkang dipun bangun kaliyan para wali sanga. Tata ruanganipun perkotaan mangsa pra-islam ingkang dados warisan kabudayan mangsa klasik pinuju mangsa islam. Ingkang wekdal samenika kathah pengunjung ingkang bektha ajaran islam.
Lajeng menawi kiyai Kaladete wonten ing daerah kalibeber kaliyan murid lan rayinipun inggih menika kiyai Karim lan kiyai Wiragati. Wonten ing ngriku kiyai kaladete andamel pondok pesantren. Ngantos dumugi kathah sanged para santri ingkang mlebet wonten ing pesantren menika.
Ingkang saklajengipun kiyai kaladete muksa wonten ing dieng, ngilang dados badan alus. Ing salah satunggaling dinten rayinipun kiyai kaladete inggih menika kiyai wiragati kepengen sanged pinanggih kaliyan ingkang raka. Ananging sangged ewet dipun panggihi. Lajeng kiyai wiragati mandeng ing daerah lor. Dumadakkan teka pedut, saknalika pedut menika nggawa kiyai wiragati wonten ing sawijining kerajaan. Kerajaan menika endah sanged. Kiyai wiragati pinanggih kaliyan salah satunggaling prajurit. Lajeng dipun takeni kaliyan prajurit menika. Prajurit menika taken wonten wigati punapa kiyai wiragati rawuh dating ngriki. Lajeng kiyai wiragati ngendika menawi piyambakipun kepingen pinanggih kaliyan ingkang raka. Lajeng kaliyan prajurit menika kiyai wiragati dipun angsalaken pinanggih kaliyan kiyai kaladete. Jebulane kadhatenganipun kiayi Wiragati menika dipun dawuhi kaliyan kiyai Kaladete piyambak. lajeng kiyai Wiragati sanget bungah. Kiyai Kaladete maringi encis kaliyan kunir  teng kiyai Wiragati. Pesenipun supados kunir menika dipun pendem supados mangke malih emas ingkang saged andadosaken sugihipun Wiragati lan encis menika dipun simpen lan diparengaken kaliyan keturunanipun ingkang mangke dados pemimpin ing pamrentahan Wonosobo.
Sakbibaripun atur panyerahan menika lajeng kahanan menika awujud alas malih. Kahanan kerajaan wau ical. Lajeng kiyai Wiragati kondur menyang Kalibeber. Saking pesenipun kiyai Kaladete, kiyai Wiragati lajeng nandur kunir menika lan kunir menika dados emas. Andadosaken kiyai wiragati sugih.
Lajeng dumugi wekdalipun encis menika dipun paringaken dhateng bupati Wonosobo, inggih menika Ki Tumenggung Jaga negara.
Ngantos dumugi ing wekdal menika panjenenganipun kiyai Kaladete dipun pitadosi taksih gesang boten saged seda. Lan dados panguasanipun donyanipun para jin. Kiyai Kaladete menika ugi dipun pitadosi anggadahi rambut gembel. Nganti sak menika lare alit ingkang kagungan rambut gembel. Rambut gembel menika turene kalebet rambut kutukan. Lare alit ingkang anggadahi rambut gembel menika dipun pitadosi taksih keturunan kiyai Kaladete.
Anak turunan kiyai Kaladete ingkang anggadahi rambut gembel menika umpami rambut dipun jungkati mila andadosaken lare menika sakit. Lare menika boten angsal dipun cukur sawiyah-wiyah amarga umpami dibekta wonten ing pasar lajeng dipun cukur, mangke sak tibane ana omah rambut ingkang dipun cukur bakale tukul gembel maneh kados sakderenge.
Lare ingkang anggadahi rambut gembel menika badhe saklawase gembel, umpami bocah menika boten dipun ruwat. Tatacaranipun ngruwat inggih menika bocah kasebut kedah diadepaken wonten ing ngajeng makam kiyai Kaladete. Rambut gembel wau diresmikaken dening para leluhur utawa diluberi bocah ingkang anggadhahi rambut gembel kedah gadhah panjalukan, dene panjalukan menika kedah dipun sembadani supados rambut menika boten tukul malih.
Pancukuran rambut gembel dipun iringi kaliyan adicara slametan utawa bocah kasebut kedah dipun slameti supaya bocah kasebut slamet boten wonten alangan lan kedadean ingkang boten dijaluk. Dene pencukuran rambut gembel ugi saged dipun tindakake kiyambak.
Tradisi ruwatan dumugi sak menika taksih kenthel wonten ing tlatah Wonosobo. Dene ruwatan rambut gembel menika dipun wontenake  saben wengi setunggal sura, mapan wonten ing Dieng.
Sedaya para kiyai ingkang sowan wonten Wonosobo anggadhahi pengaruh ingkang ageng kagem kemakmuraning Wonosobo. Para kiyai menika ingkang  mengkone bakal nekakake tarian lengger. Dene kiyai walik ingkang mapan wonten ing daerah ngandhap utawa daerah kutha, panjenenganipun anggadhahi kautaman ing masalah kapemimpinan. Panjenenganipun kalebet  ulama lan pemimpin ingkang mangertosi marang rakyatipun. Dene saking kiyai Walik menika mijilaken wong-wong ingkang pinter utawa cendikia. Piyambakipun ngatur wonten ing daerah kutha, menawi kiyai Karim mapan wonten ing daerah ler yaiku ing Kalibeber. Kiyai Karim menika nuruni para santri ingkang kathah lan ugi nuruni wong-wong ingkang pinter ngatur pamerentahan Wonosobo. 
Sak bidhalipun saking Wonosobo Raden Setjanegara mlampah wonten Banjarnegara, wonten mergi anuju Banjarnegara piyambakipun kepanggih kaliyan Dipoyuda. Raden Setjanegara boten namung mlampah mangilen wonten Banjar mawon, ananging panjenengane ugi mlampah ngantosndaerah purworjo, magelang, klaten. Raden Setjanegara perang wonten ing Magelang, Purworejo, Klaten. Awit sak menika anggenipun babad Wonosobo sampun rampung.
Senadjan Raden Setjanegara menika pindah-pindah wonten daerah-daerah pundi kemawon, namung piyambakipun sejatosipun sampun dipun angkat kaliyan pangeran Diponegoro penguasa wonten daerah Ledok, sawaktu langsungipun perang kalian Walanda.
.
Raden Setjanegara, sampun angsal tugas saking Pangeran Diponegoro kagem ngerahaken prajuritipun kangge ngepung Walanda  wonten Ledok.
Raden Setjanegoro, sanget dipun boten senengi kaliyan Walanda, amargi panjenengane sanged setia dados pandukungannipun Pangeran Diponegoro. Panjenengane paling gencar boten gadahi rasa nyerah kaliyan Walanda. Kathah saking Walanda ingkang kalah sawektu panjenengane ngrewangi Pangeran Diponegoro. Lajeng Raden Setjanegoro diadadosaken panglima perang wonten Ledok.
Panjenengange ugi diangkat dados Tumenggung Wonten Ledok kaliyan Pangeran Diponegoro. Niki ingkang dados tambahipun asma wonten ngajeng asma Raden Setjanegara, menawi asma Raden menika dipun pendet saking amargi panjenengane taksih keturunan kraton. Niki andadosaken asma panjenenganipun tambah. Inggih menika ingkang sakderengipun asma Raden Setjanegara dados Raden Tumenggung Setjanegara. Pejahipun Pangeran Diponegoro taun 1829 wonten Magelang.
Raden Tumenggung Setjanegara dipun pengsiunaken 8 Maret 1831 dipun gantos kaliyan Raden Tumenggung Mangunkusuma. Raden Tumenggung Mangunkusuma menika mrentah Kabupaten Wonosobo saksampunipun sistim pamrentahan dados Bupati, menawi Raden Tumenggung Setjanegara menika taksih sistim kerajaan.
Penyebaran wilayah wonten Ledok Wonosobo menika Kagem merangi Walanda dumugi bibaripun perang Diponegoro taun 1830.