Iki
tuladha kanggo gladhen gawe cerkak lan nengeri tembung sing ana bentuk morfologi, polimorfemis
non murni. Muga-muga manfaat J
1.
Cerkak
Bocah
Nomer loro
“lan.. lan.. iki wis jam pira? Jam 7 kurang seprapat durung mangkat?!.. kae duitmu
nang duwur lemari abang anane receh sewunan
kabeh. Banjur mangkat wae bocah kok kesete ngradon! “
“nggih bu... nggih.. niki ajeng mangkat namung
kurang nyepatuni sikil mawon.”
“bocah kok sepatunan
wae suine ora njamak”.
Wulan bocah nembe wae melbu kuliah ing unnes
jurusane pendidikan basa jawa. Wektu
kui ibune lagi nyekel gawean nyiapake sarapan isuk.
“buk Wulan mangkat ngampus riyen..”
“buk Wulan mangkat ngampus riyen..”
“ya.. sing ati-ati ora usah mlayu-mlayu mengko
mundhak keselen”
“inggih buk... Assalamu’alaikum....”
Wulan bocahe cilik uga ora patia dhuwur hudu merga kurang pangan nanging nuruni
bapakane sing pawakane cilik, dibanding kakang karo adine dheweke paling cilik kulitane kuning. Dheweke bisa dadi pangayom kanggo kakang lan adhine
nalika susah. Nanging dheweke duwe semangat paling gedhe antarane sedulur sing
loro mau. Dheweke duweni tipe pinter nyemangati
wong liya uga nyemangati awake dhewe mulane wulan bocahe ora gampang nyerah karo
keadaan. Dheweke ngakoni yen ora
dhuwe bakat apa-apa.
Isuk kuwi wulan kuliah berbicara, dosene anggone
ngajar mahasiswane kanthi cara diajak. pacelathon
siji-siji diacak.
Giliran Wulan sing ditakoni,
“Saiki Wulan, coba latihan ngomong nganggo basa jawa sing alus sing apik, jawaben pitakonan ku iki”. Kandhane pak dosen
“Saiki Wulan, coba latihan ngomong nganggo basa jawa sing alus sing apik, jawaben pitakonan ku iki”. Kandhane pak dosen
Wulan bocahe pancen senenge cengengas-cengenges,
wektu ditakoni kaya mangkono marang dosene, durung-durung wis ngguyu-ngguyu
cilik disik. Duwe kesan ora bisa pakem, nanging jane murah gumuyu.
“oh nggih pak, hehe...”
Ya saiki ngene, “ masalah apa sing miturut kowe
paling nglarakake ati wul?”
“miturut kula nggih menawi kula saweg sanget perih
padharan kula, kula nggadahi karep badhe mlebet kamar mandi nanging saweg
kangge pak..”
“wis lumayan nanging perlu bahasamu dibenerake maneh wul, aku bingung
apa maksude jawabanmu kuwi wul? Nek
liyane jawabane ya kaya sak mestine, kayata kepethuk mantan wis karo wong liya,
nek ora ya weruh gebetan sing di dhemeni malah lagi mlaku karo pacare... iya
ta? Kira-kira piye wul?”.
“la menika miturut kula ingkang paling nglarakake
ati pak, menawi saweg mules padharanipun
karep badhe bucal ugi sampun playon supados cepet dugi kamar mandi
nanging malah sampun kedhisikan tiyang sanes pak. Miturut kula menika sanget
perih ing padharan ugi ing ati pak..”
Spontan kanca-kancane padha ngguyu kating cekakak,
ana sing diampet amerga isin utawa ora wani.
“amargi kula nggadhahi pamanggih mekaten pak,
pengalaman ingkang nglarakaken kados kepethuk mantan sampun kaliyan tiyang
sanes, utawi mirsani gebetan ingkang didhemeni
malah malah mlampah kaliyan pacare menika sampun biasa pak, lan sampun
mesti yen bab menika nglarakaken raos pak. Ananging upami bab badhe bucal
menika lak kula raos sami ngrasakaken namung lingsem upami badhe njawab
pengalaman menika. Kula menika ngangkat cariyos benten pak”.
“plok..plok..”. suara keploke dosen kang ngapresiasi
marang kreatifane uga kewanenane Wulan. Secara ora langsung dheweke bisa ngungguli kancane olehe kendel.
“jebul koe kreatif ya Wul.. bahasane uga wis lumayan
apik timbang sing mau”.
“Yawis kuliah dina iki tekan semene lan tugas kanggo
minggu ngarep gawe rekaman saka cerkak kang basane krama, dikumpulake nang
komting minggu ngarep setel bareng-bareng ana kelas, wilujeng siyang”
Kuliahe Wulan dina kuwi namung sakmakul. Sakrampunge kuliyah Wulan ora langsung
bali, nanging dodolan donat disik nang kampus idhep-idhep kanggo sangu. Donat
lan gorengan diwadhahi wadhah
kotakan putih. Dheweke lungguhan ing
korsi njero loby karo ngenteni gorengan lan
donate payu.
.....
Sore kuwi Ibune nang ngomah lagi ngasahi, anggoni nyabuni katel kasi ngos-ngosan amerga anguse njekathek
kandel banget.
Saka ngarep lawang katon Wulan bali, kanti gawa
wadhah donat sing wis kosong.
“assalamu’alaikum.. saweg napa buk?,
“iki lagek ngasahi, wah laris nduk dodolane? Ya syukur entuk palarisan pira nduk?”
“iki lagek ngasahi, wah laris nduk dodolane? Ya syukur entuk palarisan pira nduk?”
“dereng kula etang bu,
“ya kene tak itunge bubar ngasahi ya..”
“inggih bu, ibuk masak napa? Kula luwe...
“masak asem-asem kae jukuk wae nang meja makan,
sakanane ya”
“wah sampun mirasa
sanget bu niki bu”. Kandhane karo nyipi janganan.
Bubar nyopot seragam lan resik-resik Wulan banjur
mangan. Ora ngerti kenang apa dheweke lagi manganan
banget. Ibune sing wis rampung ngasai banjur ngetung duit donat. Ora ngerti
kenang apa dheweke lagi manganan
banget.
“iki kabeh entuk patangpuluh ewu nduk, kowe entuk bathen pira?”
Merit Casino de Cagliaro | CA Casino
BalasHapusMerit Casino de 바카라 사이트 Cagliaro. Welcome to our website. We have a large number of games and jackpots. We're very excited about it. If you 샌즈카지노 want to have deccasino your