Minggu, 11 Januari 2015

TAMPIK



Dewi Sanggalangit iku putrine Raja Kertajaya saka Kerajaan Kedhiri. Sanajan dheweke iku putri kang banget ayune, nanging dheweke durung gelem diwengku garwa. Akeh ratu-ratu sing kepengin nggarwa Sanggalangit, nanging kabeh ditolak.
            Sawijining dina, Sanggalangit ditari nikah wong tuwane. Dheweke gelem diwengku yen ana wong lanang kang bisa nyembadani apa kang dadi bebanane. Bebana kuwi minangka wangsiting Bathara Narada. Sanggalangit entuk wangsit nalika dheweke tapa 35 dina suwene. Bebana kuwi kalebu prajurit utawa nayaka panunggang kuda kang cacahe 140, kesenian anyar awujud beksan kang diiringi gamelan, lan kaping pungkasan yaiku bekakak kewan asesirah loro sing isih urip. Kertajaya karo garwane bingung anake bisa duwe pamanggih kaya mengkono. Nanging bethek-betheke wong tuwa sing pengin anake cepet diwengku ratu, Kertajaya banjur sarujuk lan nggawekake pengumuman sayembara.
            Ing liya papan, yaiku ing Bantarangin, ana ratu aran Kelana Sewandana. Ratu iku uga durung duwe sisihan. Mbiyen panjenengane tau ditolak karo Sanggalangit. Iku ndadekake dheweke wegah senengan karo wong wadon maneh. Pakulinane saiki malah ndhemeni bocah-bocah lanang sing dianggep bisa nglanggati nepsune. Para kawula ing Bantarangin bingung kepriye carane supaya ratune mau bisa mari saka pakulinan kang ora trep iku mau. Semono uga Bujang Ganong, patihe Kelana Sewandana. Mula, nalika Jangganong krungu kabar yen Kedhiri nganakake sayembara boyong putri, dheweke banjur matur karo Kelana Sewandana. Sawise Jangganong matur akeh-akeh karo Kelana, usulane mau disetujoni. Kelana banjur ngutus para kawulane nyepakake kabeh sing dadi bebanane Sanggalangit mau. Nayaka lan kesenian wis cumepak. Nanging kewan asesirah loro kapeksa durung ditemoni.
            Sanggalangit krungu kabar ngenani usahane Kelana Sewandana sing meh kasil kuwi. Dheweke keweden yen mengkone Kelana sing bakal dadi sisihane. Watake Kelana sing murang tata kuwi wis kawentar, ndadekak Sanggalangit sansaya wegah yen kudu dadi garwane. Dheweke dedonga marang Gusti supaa Kelana ora bisa menangake sayembara kasebut.
Kertajaya prahatin nemoni kahanane anake sing kaya mengkono. Panjenengane banjur ngutus Singo Barong sowan ing ngarsane. Singo Barong iku ratu ing Lodaya kang awujud singa lan duweni kadigdayan kang ngedab-edabi. Singo Barong banjur diutus ngalahake Kelana Sewandana. Yen dheweke kasil ngalahake Kelana, Singo Barong akal diwenehi bebungah yaiku separo saka negara Kedhiri. Singo Barong nyanggupi prentah kuwi. Dheweke lan para prajurit Lodaya kang uga awujud siluman ngluruk Bantarangin.
Prajurit-prajurit Lodaya lan Bantarangin padha kalah nalika tandhing. Sing keri mung Kelana Sewandana lan Singo Barong. Sanajan kasektene Singo Barong ngedab-edabi, nanging Kelana ora bisa dikalahake karo Singo Barong. Nalika Singo Barong kalah, dheweke njaluk tulung marang merak sing dadi kakuwatan lan sigaraning nyawane. Kelana kewalahan ngadhepi merak lan Singo Barong sing padha-padha nyerang dheweke. Kelana banjur ngetokake pecut Samandiman. Samandiman iku gegamane Kelana Sewandana kang awujud pecut sekti. Nalika Samandiman dipecutake marang Singo Barong lan merak, dumadakan wujude maleh dadi kewan asesirah loro lan lulut marang Kelana. Kewan kuwi banjur dijenengi reyog. Sarate Sanggalangit wis bisa disembadani kabeh karo Kelana. Kelana lan pengawale kabeh banjur tumuju Kedhiri saperlu nglamar Sanggalangit.
Sanggalangit tetep wegah diwengku garwa karo Kelana sanajan kabeh sarate wis disembadani. Kelana Sewandana murka. Dheweke lan para prajurite ngorak-arik Kedhiri amarga Kedhiri wis ora sembada marang sabdane dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar