ana kene aku lan kancaku nyoba ngepost lagu dolanan jawa kang biyen jamanku cilik sering kanggo dolanan karo kanca-kanca. ora ketang jaman saiki wis beda karo biyen.
1) Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré
2) Lir-ilir
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggi
rDondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane Yo sorako, sorak iyo!!
3) Jaranan
Jaranan Jaranan Jarane jaran teji
Sing numpak ndoro Bei
Sing ngiring para santri
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Sing numpak ndoro Bei
Sing ngiring para santri
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
4) Cublak-cublak Suweng
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong
5) Menthok-menthok
Menthok-menthok tak kandhani
Mung lakumu angisin-isini
Mbok ya aja ngetok
Aneng kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthok-menthok
Mung lakumu
Megal-megol gawe guyu
6) Kupu kuwi
Kupu kuwi tak encupi
Mung mabure ngewuhake
Ngalor – ngidul , ngetan bali ngulon
Mrono – mrene mung saparan-paran
Mbok yo ojo menclok
Tak encupe
Mentas menclok cegrok
Banjur mabur kleper
7) Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
Nyuunggi-nyunggi wakul-kul gembelengan
Wakul ngglempang segane dadi saratan
Wakul ngglempang segane dadi saratan
Nyuunggi-nyunggi wakul-kul gembelengan
Wakul ngglempang segane dadi saratan
Wakul ngglempang segane dadi saratan
8) Gajah-Gajah
Gajah-gajah, kowe takkandhani jah
Mata kaya laron kuping ilir amba-amba
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik tansah kopat-kapit
Sikil kaya bumbung
Sasolahmu megang-megung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar