Ing sawijining dina
sabubare nyambut gawe Hadi ngajak Bagus menyang omahe Hadi. “Gus, mengko dolan
omahku sek ya!”
“Saiki, Mas?” Pitakone Bagus gumun. Bacute, “Mambuku kecut kayak ngene e, tak adus sek
a.”
“Uwis, ora usah adus. Mengko adus ana ngomahku wae. Nang
kana ngko arep kungkum sewengi muput ya rapapa!”
Pisan iki Bagus ora bisa nolak ajakane Hadi. Ancen Bagus
iki nalikane diajak Hadi ora pernah tau bisa nolak pengajake Hadi, bos ana
panggonane kerja.
Nalika lagi metu ratan cilik saka panggonan kerja, Hadi
lan Bagus ditabrak motor. Pit motor sing ditumpaki wong loro kuwi ambruk. Hadi
sing mbonceng mencelat sangka motoran nggelundhungake awake. Nanging, Bagus
sing ngarep sing kudune siap malah babak bundhas. Bocah sing nabrak mou mandek
nulungi, amerga nduweni rasa salah. Nalikane kuwi, Hadi meh wae njotos wong
mou, sadurunge ngerti yen wong sing nabrak kuwi wong wadon ayu adhik tingkate
kuliyahe mbiyen. Ratri jenenge.
“Ealah, kowe ta Tri bakune, ngasik samar aku. Meh wae takjotos
kowe nak helemmu ora mbok bukak.”
“Iya Mas, ngapurane awakku, Mas. Wis arep ngilangke
nyawamu”
Bagus karo pringisan kandha: “Piye to, kok malah aku iki
padha dijarke. Mbok ditulungi sek, mengko kangen-kangenane ditutukna meneh.”
Karo mesem Hadi mangsuli, “kowe iki lho, Gus. Wis ayo tak boncengke. Tri, ayo
mampir ana ngomahku sek suwe ora ketemu, mbakyumu Sri ana omah.” Pangajake
Hadi. “oh iya Mas, sida karo Mbak Sri ta Mas?” pitakone Tri. Hadi ngiyani karo
manthuk lan mesem.
Nalikane tekan ana ngarep omah sing gedhe
menggreng-menggreng, sing bukak lawange wong ayu jenenge Sri Lestari bojone Mas
Hadi. Sri kaget nalika roh Bagus babak bundhas kaya mengkana. “lho, kowe genio,
Gus?”
“anu
mbk, mou kesonggol motore wong ayu.” Jawabe Bagus sing gawe wong padha guyu
kabeh. Pancen, Bagus wis dianggep kaya adine dhewe ana keluargane Hadi. Mulane
pawongane wis padha akrab lan kerep padha guyonan.
“Lho,
ana dik Ratri barang ta.” Sri kaget lan seneng. Bacute, “wis ayo do mlebu. Ayo
jagongane diterusna ana njero.” Pangajake Sri.
“Dik
Ratri, apa saiki sampean wis bebojoan karo pacanganmu kae?” pitakone Sri. “Ora
sida mbak, pacanganku sing mbiyen kae saiki wis bebojoan karo kenya liya. Dasar
durung jodhone mbak.” “Iyo dhik, padahal
mbiyen runtang-runtung wong loro, sapa sing reti kahane jodho ya dhik.” Bagus
nyauti takon marang Hadi lan Sri, “Mbak, Mas, sapa ta kenya kang ayu iki? Wiwit
mou tak sawang tek wis akrab temen. Tak enten-enteni aku ya ora dikenalke ki
sapa ta, Mas?” “Eh iya, ngasek lali aku sangkeng banget senengku. Iki Ratri
adhik tingkatku pas kuliyah. Ratri iki Bagus pegawe ana panggonanku, nanging
wis tak anggep kaya adhiku dhewe.”
Jebul
anggone Hadi ngajak Bagus dolan mou ana perlune, ngrayakna limang taun
perkawinane karo Sri, lan malem taun barunan.
“Dhik
Bagus karo dhik Tri, ngapurane ya nak masakene kurang enak.” “Halah, mbak Sri
iso wae. Wong jagone masak kok ngomong ora enak, mestine ya wenak tenan tho.
Mbk, iki aku mou ko pasar tuku lele nak arep dipecel.” “matur nuwun, Tri.” Wong sing ana kana padha geguyonan
kabeh. Ora disadari Ratri lan Bagus padha tertarik amerga sifate sing padha
grapyak lan sumanak.
Suwe
sabibare ketemuan iku, Bagus nduweni rasa seneng marang Ratri. Saben bengi lan
saben ora ana kerjaan , Bagus senengane nglamunake Ratri. Wewayangane Ratri
saben dina kerep katon ana ngarepe. Rasa kangen wis marang Ratri wis ngebaki
atine Bagus. Semana uga karo Ratri. Bagus wis ora bisa ngempet rasa kangene
marang Ratri. Sangsaya diempet sangsaya loro. Banjur Bagus ngomong apa anane
marang Hadi sing wis dianggep kaya mase dhewe. Bagus njaluk nomer Hpne Ratri.
Saben dina hubungane Bagus karo Ratri tenanan. Tresnane Bagus uga ditanggapi
padha karo Ratri. Ratri uga tresna karo Bagus.
“Dhik
Ratri, piye nak aku mara omahmu, kenalan karo Rama lan Ibumu?” pitakone Bagus
kang ngagetke Ratri. “tenan Mas, Panjenengan purun lan kersa dolan ana omahku,
ketemu keng Rama lan Ibu.” “Iya dhik, ketimbang awake dhewe ya wis padha
dewasane apa maneh sing arep diluru.”
“Menawi mekaten kula remen sanget, Mas.” Bagus ngekep Ratri kanthi rasa bungah
lan seneng campur dadi siji.
Nalika
Bagus dolan ana omahe Ratri, Bagus dek-dekan, gemeter lan wedi ditampik karo
Bapake Ratri amerga dheweke lan Ratri secara bandha sugih keluargane Ratri.
Kanthi rasa mantep, Bagus nothok lawang sing ana ngarepe. Lawang dibukak karo
wong wadon tuwa gawa serbet, kaya abdine Bapake Ratri. “Mbah, Bapak wonten?”
pitakone Bagus marang abdine Ratri. “Wonten cah bagus, mangga mlebet pinarak.”
Abdi mou luru ndarane lan kandha ana tamu lanang nom arep ketemu karo
panjenengane.
Pak Bambang, Bapake
Ratri nemoni Bagus sing lungguh ana kamar tamu. Nalika Pak Bambang ana kana
Bagus ngadek lan salaman. Jantunge Bagus sangsaya suwe deg-degane sangsaya
banter, iso-iso Bapake Ratri dungu. Awake ngringet ayep. “Sapa nak, jenengmu?”
pitakone Pak Bambang “Ba...Bagus, Pak.” Jawabe Bagus gugup. “ana kahanan apa
awakmu rene nemoni kau?” pitakone Pak Bambang manih. Ana kana Bagus nyeritakke
kabeh kahanan lan kekarepane Bagus njaluk restu arep bebojoan karo Ratri.
Bapake Ratri kaget. Amerga, wis suwe banget ora ana bocah lanang sing wani
karep kaya kuwi lan wani langsung nembung karo dheweke. “Apa pagaweanmu kok
wani nglamar anakku?” pitakonan kuwi lumprah ditakokke nalikane anake arep
diper bojo marang wong liya. Nanging Bagus arep njawab gugup, saking gemetere
awake. “Apa bener kowe seneng karo anakku, cah bagus?” pitakone Pak Bambang marang
Bagus. Jawabe Bagus kanthi mantep, “Inggih saestu Bapak, kula kaliyan Ratri
sampun sami tresnane Bapak. Kula wonten mriki nyuwun pangestune kangge ngelamar
lan nikah kaliyan Ratri, putrine Panjenengan.” “Tak restuni kuwi panjalukmu lan
kowe wong loro wis padha senenge. Aku wong tuwa namung bisa ngeweki pangestune
marang anake supaya urip mulya lan seneng.” “matur nuwun sanget, Bapak.” Atine
Bagus banget senenge karo kabar kuwi. Akhire awake bisa sesandingan karo wong
sing ditresnani. Rasa kuwatir lan wedi nalikane ditampik mao ilang musna ganti
karo rasa seneng lan bungah. Wiwit kuwi kabeh persiapane nikah wis cumepak lan pungkasane
wong loro mau nikah. Urip seneng lan mulya bebrayan.oleh : Khoirun Nisa'
Tidak ada komentar:
Posting Komentar