Iki tuladha nggawe naskah sandiwara radio.
Muga-muga bisa dadi manfaat kanggo gladhen. Sumangga J
CRITA SAK PINGGIRE
PRAPATAN
Narasi : Urip pancen kudu
tansah dilakoni, senajan apa wae sengkalane.
Ing Jero Omah Kang rame amerga suarane bocah cilik-cilik
kang lagi padha gojegan.
-
suara
rame bocah cilik, suara wong mlaku lan lawang dibuka
Bu
Ngatirus : Assalamualaikum....
bocah-bocah lagi padha ngapa ya..?
-
suara
grudukan bocah mlayu
Rama
lan adi-adine : walaikumsalam... buk...
Bu
Ngatirus : kene bocah-bocah padha maem jajan dhisik, ibuk wis
gawakake.
Rama adi-adine padha dikon mrene.
Rama :
inggih bu.. di-adi.. padha renea ditimbali ibuk..
-
suara
manuk sore lan Suara bocah cilik padha ngguyu kesenengen
adi-adine :
buk aku digendhong...
Bu Ngatirus : yaya kene..kene.. mau ora padha
tukaran ta nduk? La simbok nangdi rama? Simbok wis dhahar apa durung?
Rama :
saweg medal sekedhap buk turene tumbas wos... sampun wau dhahar sareng kaliyan
ndulang Sri..
Bu
Ngatirus : yawis nek ngono. Sing padha manut ya karo simbok,
rumangsa ibuk iki yen awan ana dhasaran, golek rejeki kanggo kowe kabeh. Namung
simbok sing gelem ngancani uripe ibuk..
Rama :
inggih buk... mangke yen kula sampun ageng kula badhe mbiyantu ibuk, supados
ibuk boten rekaos anggenipun madosi rejeki.
Bu
Ngatirus : iya.. ya nang.. paling penting saiki kowe sekolah
dhisik sing bener lan temenan supaya dadi wong kepenak lan bisa nyekolahake
adi-adimu kae. Rumangsa kowe bocah barep dadi gantine bapakmu sing wis tilar
donya...
Rama :
inggih bu inggih.. pangestune mawon...
-
suara
adzan maghrib lan jangkrik
Bu
Ngatirus : bocah-bocah iki wis maghrib, ndang padha wudlu terus
sholat lan ngaji nang langgar... padha melu mas Rama ya...
-
suara
jangkrik, adzan lan langkah rada mlayu
mbok
Mirah :
eh.. wis bali kowe rus.. jam pira?
Bu
Ngatirus : sampun mbok jam 5nan wau.. saking pundi mbok
mlayu-mlayu.... ?
Mbok
Mirah : saka warung wong
berase entek, piye mau dodolane laris?
-
Suara
iringan sedhih
Bu
Ngatirus : (nada rendah, lemes)owh yawis mbok nek ngono, laris
mbok...
Nanging
mau sing duwe toko kandha yen seminggu maneh tokone arep dienggoni. La aku iki
malih mumet mbok...
Mbok
Mirah :
(kaget) lakok bisa rus?? Sik kandha Kokohe apa Encike nduk? Lakok ndadak
temenan...
Bu
Ngatirus : (sedhih, lemes) wong lorone kandha nyang aku mbok,
jarene nang toko kuwi strategis banget nek kanggo dodolan mbok.. la aku iki
dadi bingung, amerga bocah-bocah anggone bisa mangan lan sekolah ya seka
dodolan sega iki mbok.(mrebes mili)
Mbok
Mirah :
(unjal ambegan) sabar dhisik nduk saiki resik-resika dhisik lan donga karo sing
Kuwasa supaya oranana apa-apa...
Bu
Ngatirus : (nangis) iya mbok..
-
Suara
jangkrik bengi lan suara (ngajine Bu Ngatirus)
Narasi :
Kahanan bar isya’ kuwi nang omah radha sepi amerga bocah-bocah durung padha
bali saka masjid, namung suarane Bu Ngatirus kang lagi dedonga. Anak-anake Bu
Ngatirus pancen sregep banget soal ngibadah, amerga dhidhikane wong tuwane
kawit mbiyen. Ora let suwi bocah-bocah padha bali saka masjid.
-
Suara
jangkrik lan bocah mlayu grudukan
Rama,
Raka, Sri lan Bayu: (ngos-ngosan) Assalamualaikum.... buk.. ibuk...
Narasi : bengi kuwi kahanan
omah Bu Ngatirus kaya biasane, rasa ayem tentrem amerga antarane ibune lan
anak-anake padha akur lan ora ana padu-padunan.
-
Gamelan
Narasi : (Suara manuk isuk-isuk) isuk kuwi
Bu Ngatirus uwis nyiapake sega gudheg lan janganan liyane. Dheweke pancen
keitung wanita kang tatag atine lan uga pekerja keras. Dodolan kuwi sing biyen
diayahi bareng dening suwargi Pak Ngaprah. Saben dina Bu Ngatirus tangi gasik
kanggo nyiapake janganan sing arep didol ana toko. Dina kuwi dheweke donga
supaya dodolane laris kabeh supaya bisa kanggo sangu lan kanggo golek kontrakan
liya.
Raka
lan Rama : kula tindhak sekolah
rumiyin buk, mbok... Assalamualaikum..
Narasi :
Raka sekolahane cepakan karo adine, si Rama, umure Raka 14 taun kelas 2 SMP lan
si Rama 11 taun kelas 6 SD. Adhine sing nomer telu sekolah nembe TK gedhe lan
sing nomer papat nembe rong tahun.
Gamelan
-
Suara
montor, hondha lan wong rame padha tuku
Bu
Ngatirus : (gugup wong ngedoli) inggih pak, bu anri rumiyin nggih.. mangga sami
lenggahan rumiyin...
Pak
Yoyok : ya bu.. aku sega gudeg karo teh anget
Bu
Mantri : kula rames kalih kaliyan gudeg kalih dibungkus nggih
bu...
Bu
Ngatirus : nggih pak nggih bu... mangga menika..
Bu
Mantri : sedaya pinten bu?
Bu
Ngatirus : rames kalih pitung ewu, gudeg wolong ewu. Dados sedaya
gangsal welas mawon bu.
Gamelan
(suasana
ing warung sebelah, sing dodolane radha sepi) sekitar ana telung bakul sing
lagi padha ngrumpi.
Rodiyah :
(mbatin) Bu Ngatirus Mesti nganggo jampe-jampe!! Dodolane laris banget!!!
Suprih
: Bu lagi ngapa kok ngalamun? Mikir utang ya? (ngguyu)
Rodiyah
:
ora bu, iki lagek gumun wae. Maune sak durunge ana bu Ngatirus wong tuku padha
teka mrene, saiki padha pindah mrana. Sak temene nganggo apa ya bu??
Suprih
: (melu gumun) iya ya bu, tak rasakake ya kaya mangkono.
Iki gon dhewe jam semene wae wis sepi wong tuku, mung siji loro tok. Kating
pretil wong tuku.
Rodiyah
:
(mangkel) laiya! Mulane kuwi bu aku iki sak jan-jane rada ora seneng yen Bu
Ngatirus dodol ana kono, amerga ya kuwi janganane dhewe dadi ora payu!!
Suprih
: wis bu yen ngono mulai mengko nek lunga ditutake wae,
sapa ngerti lunga menyang dukun.
Rodiyah
:
(sewot) Ya bu..
Bu
Samiyono :
ana apa ya bu, kayane kok padha ngomong wigati temenan?
Rodiyah
:
(mangkel) kae lo Bu Ngatirus!! Dodolane laris tenan!!
Bu
Samiyono :
owh.. ya jenenge wae rejeki bu wis ana sik ngatur..ora susah digalih, jenengan
ya wis tau laris ta?
Rodiyah
:
(sewot) halah jenengan mono ora bela aku!
Bu
Samiyono :
bu, ora apik kaya mangkono, areo piye-piye ya tanggane dhewe bu...
Rodiyah
:
(sewot) halah wis-wis bu, pokoke aku mangkel.
Bu
Samiyono :
(ngguyu ngadhem-ngadhemi) wis bu. Nek ngono aku tak balik warung ku sik ya.
Rodiyah
lan Suprih : ya...ati-ati bu
Gamelan
Sore
kuwi Bu Ngatirus siap-siap bali amarga wayahe uwis sore. Teka-teka Kokoh karo
Encik yaiku wong cina sing duweni toko kang disewa dening Bu Ngatirus teka ana
toko.
Bu
Ngatirus : (bungah) alhamdulillah.. sayur lan segane entek kabeh,
nek ngene iki aku dadi bisa nyelengi.
Kokoh : (suara mobil parkir) selamat sore,
sudah selesai jualannya bu?
Bu
Ngatirus : (kaget rada gugup) owh iya ini Koh alhamdulillah, ini
lagi siap-siap pulang.
Kokoh : ya syukur kalau begitu, bagaimana
bu apa sudah dapat kontrakan lain?
Bu
Ngatirus : (bingung) belum pak ini lagi mencari.
Encik :
(nada ora kepenak) saya minta maaf ya bu sebelumnya, tidak memberitahu sejak
lama.
Bu
Ngatirus : iya nggak apa-apa bu.. doakan saja cepet dapat tempat
lain.
Encik :
iya bu
Gamelan
Kaya
biasane Bu Ngatirus bali saka warung. Kahanan wengi iki ora kaya biasane, Bu
Ngatirus ngrasa luwih duka, amerga wis kurang patang dina durung oleh kontrakan
kanggo dodol. Dheweke banjur ngundang anak-anake.
-
Suara
jangkrik lan kodhok bengi-bengi
Bu
Ngatirus : Rama.. Rama coba adi-adine dikon padha mrene ibu arep
ngandani sedela.
Rama
: inggih bu. Raka, Sri mrene dikandhani ibu.
Bu
Ngatirus : la simbok karo Bayu ana ngendi Ma?
Rama :
simbok saweg ngeloni Bayu bu..
Bu
Ngatirus : owh, yawis nek ngono. Ngene lo anak-anakku `senajan
kowe kabeh isih cilik lan dakrasa durung mangsa yen ngerteni bab iki, nanging
ibu ngira yen kowe kabeh kudu mangerteni supaya kowe kabeh duwe rasa prihatin
ing ati. Nanging upama ibu wis crita aja terus digawe pikiran ya? Terutama Rama
lan Raka sing wis padha gedhe. Yen Sri dakrasa durung mudheng. Amarga ya amung
kowe kabeh kang dadi pangarep ku mengkone lan amung kowe kabeh kang bisa
ngayemake ati inu iki.
Rama lan Raka :
(migatekake ibune kandha) la kados pundi bu?
Bu Ngatirus : (kebak rasa asih) ngene lo bocah,
ibu mulai sesok senin uwis ora dodolan ana toko cedhak prapatan kae maneh,
amerga kontrakane ibu wis arep dienggo marang sing duwe.
Raka : (kanti rasa migatekake) lajeng ibu
badhe pindhah pundi?
Bu Ngatirus : ibu durung ana pandhangan nang...
kang ibu bingung kuwi (sedhih)...
Rama lan Raka :
(penasaran) napa bu?
Bu Ngatirus :
(sedhih) upama ibu mengko durung oleh kontrakan anyar, yen duit sangumu kurang
lan nangomah dadi luwih ngirit sepurane ibu ya.. amerga durung ana pemasukan.
Raka : (semangat) menawi ngoten kula tak
biyantu ibu sade mawon bu!
Rama : (kepancing semangat) inggih bu!
Bu Ngatirus : (welas asih) ngewangi piye nang?
(gumun)Kaya-kaya kowe kok ora duka tak kandhani kaya kuwi?
Raka : boten bu, amergi urip menika kedah
dipun lakoni kanti rasa seneng, ampun kanti nglokro...
Bu Ngatirus : (mrebes mili) iya pancen bener
nang, karepe ibu ya bisa nyenengake kowe kabeh, nanging ya piye maneh awake
dhewe lagi dicoba marang Sing Kuwasa.
Rama : (ngayemi) ibu boten susah duka.
Menawi kula gadhah panemu ngaten bu.
Bu Ngatirus : panemu apa nang?
Rama : ngoten bu, wonten sekolahan menika
ingkang saweg dipun remenaken kados sekul bungkus bu ingkang lebete dipun
sukani gedelipun.
Bu Ngatirus : la apa ana kantin durung ana nang?
Rama : dereng wonten bu, menawi wonten
kantin menika lak namung maeman instan mawon. Bocah kelas tiga menika menawi
les tumbas wonten jawi bu.
Bu Ngatirus : (migatekake temenan) la terus
pangarepmu piye nang?
Rama : nggih menawi ibu mangke dereng
angsal kontrakan, ibu ndamel sekol bungkus mawon bu. Kula purun tak sade wonten
sekolah.
Bu Ngatirus : (sedhih) la apa ora ganggu
sekolahmu nang?
Rama : boten bu. Mangke menawi wayah
ngaso aggenipun kula sadenan.
Raka : kula nggih ngoten bu.
Gamelan
Narasi
: Bengi kuwi dadi bengi kang
nyesekake atine Bu Ngatirus, amerga dheweke kudu pontang-panting golek rejeki
kanggo nguripi bocah-nocah sakomah. Dheweke bajur kelingan almarhum bojone kang
wis ora ana. Bu Ngatirus batin, upama bojone isih sugeng mesti dheweke ora
bakal rekasa kaya ngene lan anak-anak sing kudu melu rekasa. Saktemene dheweke
ora gelem yen bocah-bocah bgerti bab kahanane golek pangan, amarga supaya ora
ganggu sekolahe. Nanging tinimbang dadi pitakonan upama ana kurang-kurange
olehe nyangoni luwih becik dhewe blaka marang putra-putrane. Ngewei ngerti bab
kaya mangkana uga dirasa ora salah, ya arep-arepe amung supaya bocah-bocah bisa
latian prihatin kawit cilik.
Bengi kuwi merga akehe pikiran sing dirasakake Bu
Ngatirus banjur meremake mata, nglewati wengi kanti rasa duka ing ati.
Dina sing dijanjikake marang sing duwe toko uwis
tekan wayahe, bu Ngatirus trima pindahan. Barang-barang kepekso digawa bali
amarga durung entukkontrakan liyane. Dirasa saktemene ya anggone ngontrak
durung entek masa nganggone, nanging kok bisa dheweke ujug-ujug dikongkon
pindhah dening sing duwe. Padahal yen ngerti cinane kuwi uga duwe toko ora
kurang saka lima, nanging kenang apa kok ujug-ujug dikon pindhah. Perasaan kaya
mangkono saktemene bayang-bayangi uripe Bu Ngatirus, nanging anggone nglakoni
sajak digawe bungah terus lan mung njaluk marang kang Maha Kuwasa.
Kaya sing di rencanakake dening anake, Bu Ngatirus
banjur gaweni sega bungkus lan gedel sing arep digawa dening anake ing
sekolahan. Ana sekitar sewulan dheweke mung gaweni sega bungkus kang digawa
dening Rama lan Raka. Nanging akhire dheweke oleh ide dodol keliling sega
bungkus lan gaweni bandeng presto ing kantor-kantor lan pasar. Alhamdulillah
dodolane saben dina entek lan bisa kanggo nguripi bocah-bocah saben dinane.
Awan kuwi anggone mlaku keliling adol sega bungkus
lan bandeng presto Bu Ngatirus kepingin weruh bekas kontrakane, nanging sing
marai kaget jebule sing nganggoni dudu
cinane sing duwe toko, seje karo sing domngake dek wingi. Sing nganggoni toko ora
liya ya Bu Rodiyah. Tangga anggone dodolan maune. Awan kuwi warung Bu Rodiyah
rame banget. Ing atine Bu Ngatirus krasa gela nanging dheweke nyoba mampir ing
warunge.
-
Suara
rame mobil lan motor
Bu
Ngatirus : Assalamualaikum.. Bu Rodiyah saiki pindhah sebelah kene
ta? Rame ya bu?
Narasi
: Bu Rodiyah kang
kaget amerga ora dinyana-nyana banjur jawab kanti judes, padahal saktemene
dheweke isin ora karuan.
Rodiyah :
(gugup) eh.. iya iki bu
Bu
Ngatirus : la sing warung kae banjur dinggoni sapa bu?
Rodiyah :
(ketus) tak dinggokake adiku, saka ngendi bu kok bisa mampir barang?
Bu
Ngatirus : iki aku nembe keliling dodol bandeng presto saka
kantor, yawis bu nek ngono aku tak dhisik.
Rodiyah
:
(ketus) ya ati-ati bu.
(batin)
kurang ajar Bu Ngatirus malahan teka mrene barangan. Marakake aku isin.
Kira-kira mikir ora ya yen sing kongkon marang Kokohe iku aku. Muga-muga wae
ora ngerti.
Gamelan
Narasi
: isuk kuwi bu Ngatirus nerusake anggone dodolan, kasi
tekan sorene olehe muter-muter adol sega bungkus lan bandeng presto. Sore kuwi
dheweke ora sengaja diceluki wong wadon saka kadohan.
-
Suara
montor ing dalan gedhe
Bu
Samiyono :
(ngundang, bengok) bu!! Bu Ngatirus!! Mrene sedela aku ana sebelah kene.
Bu
Ngatirus : (bingung) eh sinten nggih?
Bu
Samiyono :
(bengok) iki bu aku Bu Samiyono
Bu
Ngatirus : owalah inggih bu, kula wastani sinten, nyuwun ngapunten
saking tebih boten jelas.
-
Suara
nang warung makan
Bu
Samiyono :
iya-iya ora apa-apa, iki kene ngumbe wedhang dhisik sedela. Karo ngaso dhisik
bu.
Bu
Ngatirus : iya bu.
Bu
Samiyono :
owh saiki dadi adol sega keliling bu?
Bu
Ngatirus : iya iki bu karo bandeng presto, lah idep-idep tinimbang
ora dodol blas bu. Melas bocah-bocah.
Bu
Samiyono ;
iya lah bu,
(marang
sing duwe warung) mas wedang teh anget siji.
Bu
Ngatirus : walah bu malah dadi repot-repot.
Bu
Samiyono :
ora masalah bu kala-kala wae kok. Areo dhahar sekaliyan ora bu?
Bu
Ngairus : boten bu maturnuwun.
Bu
Samiyono :
owh yawis.. (bisik-bisik) ngene lo bu sakjan-jane aku arep crita marang
jenengan nanging durung tekan-tekan.
Bu
Ngatirus : (gumun) crita apa ta bu kok sajak wigati
Bu
Samiyono :
ya crita ngenani bab jenengan kuwi bu.
Bu
Ngatirus : iya bu kepiye?
Bu
Samiyono :
(bisik-bisik) ngene lo bu saktemene aku krungu nalika jenengan dirasani dening
Bu Rodiyah lan Suprih, dhewekne kuwi ora seneng karo jenengan bu amerga
dodolane jenengan mesti laris tinimbang kae.
Bu
Ngatirus : la banjur piye bu?
Bu
Samiyono : na lebar kuwi aku ngerti yen
wong loro kuwi duweni niat ora apik karo jenengan, Bu Rodiyah banjur teka dhewe
marang Kokohe. Janjaeni yen bakal bauar sewa luwih larang saka jenengan bu.
Bu
Ngatirus : (kaget, gelus dhadha) owalah bu, bu. Pantes wae mau aku
kaget warunge wis dinggone dhewekne. Bu Rodiyah katon kaget lan mandan sewot
bu.
Bu
Samiyono :
amarga kuwi bu dheweke wis tumindhak ora becik marang jenengan, pancen warung
sing di panggoni jenengan kae sing paling apik dhewe bu kanggone wong tuku.
Bu
Ngatirus : iya pancen bu, nanging kabeh wis ana sing ngatur.
Bu
Samiyono :
iya bu, sing sabar wae ya.. kabeh mesti ana balesane, muga-muga jenengan ya
tansah diparingi rejeki sing apik bu.
Bu
Ngatirus : iya bu, maturnuwun lo dongane.
Bu
Samiyono :
iya bu padha-padha, dongadinonga lah bu. Wis iki unjukane diunjuk sik selak
adhem.
Bu
Ngatirus : (suara wong ngumbe) iya bu. La jenengan ndi unjukane?
Bu
Samiyono :
aku wis bola-bali bu
Bu
Ngatirus : yawis bu maturnuwun informasine lan wayahe uga wis sore
aku tak pamit dhisik bu.
Bu
Samiyono :
owalah bu ora menko wae? Yaya bu sing ati-ati. Iki mung sak iitik kanggo
bocah-bocah
Bu
Ngatirus : walah bu ora susah repot-repot. La jenengan ngenteni
sapa bu?
Bu
Samiyono :
wis rapapa bu, kala-kala. Iki lagi ngenteni bojoku bu.
Bu
Ngatirus : yawis bu salam kanggo bapake
Bu
Samiyono :
ya bu walaikumsalam
Bu
Ngatirus : aku dhisikan ya bu?
Bu
Samiyono :
iya bu ati-ati..
Gamelan
Narasi : ing jero angkot bu Ngatirus olehe
batin yen dheweke dideriki dening kancane dipikir banget. Dheweke bingung
amarga rumangsa ora tau gawe salah marang liyan. Ujug-ujug oleh balesan kang
kaya mangkono. Nanging kabeh kapasrahake dening sing kuwasa.
Tekan
omah dheweke rasan karo simbok ngenani
apa kang dingerteni mau
-
Suara
manuk sore
Bu
Ngatirus : (sedhih) mbok..mbok kene tak critani.
Mbok
Mirah :
ya ana apa nduk?
Bu
Ngatirus : ngene lo mbok, jebul bekas tokoku ae sing nganggoni
saiki Bu Rodiyah,
Mbok
Mirah :
(kaget) lah apa iya nduk? Kok bisa? Jare dinggoni Kokohe?
Bu
Ngatirus : ora mbok dadi ngene, aku nembe ketemu karo Bu Samiyono,
panjenengae kandha yen sing akon pindah Kokohe ya Bu Rodiyah mbok, jarene arep
bayar kontrakan luwih larang saka aku.
Mbok
Mirah :
(gumun campur mangkel) lah-lah wong kok do sirik temen yen ana wong sing lagi
mrintis, ya muga-muga wae kowe sabar ya nduk?
Bu
Ngatirus : nggih kula ngoten pasrah kaliyan ingkang wonten
Nginggil mbok
Mbok
Mirah :
iya bener nduk, wong ala kuwi ora bakal suwi, deloka wae nduk
Bu
Ngatirus : nggih mugi-mgi mawon paringi sadhar mbok
Mbok
Mirah :
iya nduk, yawis kana adus-adus sik resik-resik
Bu
Ngatirus : iya mbok...
Gamelan
Narasi
: kaya biasane Bu
Ngatirus mlaku muter-muter dodol sega bungkus lan bandeng presto. Ora sengaja
dheweke weruh nang prapatan Bu Rodiyah lagi nangis lan bengok-bengok ana ngarep
toko. Lan ana kono wis akeh wong-wong padha kumpul. Nanging Bu Radiyah sengaja
ora nyedak, kepeksa dheweke takon marang wong kang liwat.
Bu
Ngatirus : (gumun) pak nuwun sewu menika wonten napa nggih
rame-rame?
Wong
mlaku :
owh kae warung Bu Rodiyah mau begi dirampok, isine wis entek-entekan.
Bu
Ngatirus : owalah ngoten pak? Jam pinten?
Wong
Mlaku :
sawetara jam sijinan nanging ora konangan kok mbak,
Bu
Ngatirus : owalah melas nggih pak
Wong
Mlaku :
ya.. ngono kae mbak, warung lorone di rampok kabeh.
Bu
Ngatirus : masya Allah, tegelan banget ngggih. Nggih sampun pak
maturnuwun.
Wong
Mlaku :
iya mbak...
Gamelan
Narasi :
ora dinyana yen bakal kaya ngono dadine. Bu Rodiyah kang srakah akhie kudu
nrima hasile, dheweke saiki wis ora dodolan maneh amarga ora bisa balik modhal.
Seje karo Bu Ngatirus saya suwi
dodolane saya laris lan akhire bisa uku warung dhewe ana pasar. Khusus warung
makan.
Bengi
kuwi Bu Ngatirus lagi leyeh-leyeh amarga keselen, teka-teka an wong nothok
lawang
-
Suara
jangkring bengi
Bu
Ngatirus : walaikumsalam, sinten nggih
Rodiyah :
niki kula bu, Bu Rodiyah.
Bu
Ngatirus : (kaget) owalah jenengan, (sajak gumun) mriki mlebet
rumiyin
Rodiyah :
iya bu
Bu
Ngatirus : tak gawe unjukan sik ya bu
Rodiyah
:
ora susah bu... aku rene amung arep jaluk ngapura karo jenengan
Bu
Ngatirus : (sajak ora mudheng) njaluk ngapura kepiye bu?
Rodiyah
:
(nangis)aku rumangsa wis salah karo jenenga saiki aku wis ora dhuwe warung bu,
aku jaluk ngapura sing gedhe karo panjenengan.
Bu
Ngatirus : yawis bu rapapa, ora susah digalih, sing uwis ya uwis.
Aku ora papa kok bu.
Rodiyah :
nanging aku krasa salah banget karo jenengan bu
Bu
Ngatirus : wis bu ora papa, jaluk ngapura a marag Gusti.
Rodiyah :
(nangis lan ngrangkul Bu Ngatirus) aku jaluk ngapura ya bu..
Bu
Ngatirus : iya bu iya, tak ngapura...
Narasi :
kaya mangkono mau critane Bu Ngatirus kang duwe usaha warung makan ing sak
pinggiring prapatan. Dheweke ora tau nyerah senajan digawe ala marang wong
liya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar