Awal kedadosanipun dusun Dukuhseti diun wiwiti salah
satunggiling tokoh masyarakat ingkang mapan wonten ing dusun Tegalombo, ingkang
dipun sebat Ki Gedhe Tegalombo. Ki Gedhe Tegalombo priyantun saking Serang
Banten. Panjenenganipun kepingin merjuangaken Agama Islam wonten ing wilayah
Pati Lor, inkang pendudukipun derang mangenal Agama Islam. Ki Gedhe Tegalombo
kagungan putera tiga, inggih menika : 1. Brojoseti, 2. Brojonoto, 3. Retno
Kencono.
Nalika taksih timur
Mbah Brojoset meguru wonten ing Banten Serang. Sak sampunipun rampung
anggenipun sinau, lajeng nusul ramanipun wonten ing Tegalombo. Sak sampunipun
dumugi Tegalombo, mbah Brojoseti dipun dawuhi ramanipun kapuri mondhok utawi
meguru kaliyan mbah Ahmad Mutamakin Kajen. Dene ingkang Brojoseti meguru kaliyan
Kologumarang sebangsa jin. Nalika meguru Brojoseti kagungan kanca inggih menika
Klabangkara, Payuda lan Seca, meguru kanuragan utawi kejadugan. Dene Retno
Kencana taksih dipun didik ramanipun piyambak. Mbah Brojoseti sak sampunipun
meguru kaliyan Kalagumarang lajeng meguru keagamaan kaliyan Mbah Ahmad
Mutamakin Kajen. Sak sampunipun meguru, panjenenganipun karma kaliyan wanita
Buludono ingkang sak mangke kasebat desa Bulumanis. Lajeng panjenenganipun
netep wonten ing Buludono, babat pertanian wonten ing Buludono.
Lungane
Retna Kencana
Wondene kawontenan ing
Tegalombo, wonten salah satunggiling kaneman ingkang asesilih Jaka Selining inggih
menika putranipun Ki Gede Tunggul Wulung, Banyutawa, asring tindak wonten ing
Tegalombo. Sareng meninga Retno Kencana ingkang sulistira ing warni, Jaka
Selining manahipun katresnan dateng Retna Kencana saha kepingin garwa kaliyan
Retno Kencana. Lajeng piyambakipun silaturahmi dateng dalemipun
Ki Gedhe Tegalombo kaliyan matur, “mbah, Retna Kencana badhe kula suwun, kula
pendhet garwa, panjenengan nglilakaken
nggih mbah? ”. Ki Gede Tegalombo jawab, “lho nak, agamamu kan bedho karo aku?
Apa sira gelem anut aku mlebu agama Islam?” jawab Jaka Selining, “siap mbah,
asal kula dipun tampi.” Lajeng Jaka Selining dipun dawuhi wangsung, putrinipun
badhe dipun taros rumiyin. Ki Gede Tegalombo selajeng dhawuhi putranipun Retna
Kencana dipun dhawuhi katah – katah, wosipun badhe dipun nikahaken kaliyan Jaka
Selining putra kakungipun Ki Gede Tunggul Wulung, Banyutawa. Retna Kenca sareng
mireng dhawuhipun ramane kala wahu lajeng trenyuh, kaget jalaran Jaka Selining
menika pasuryanipun mboten ganteng tur agamanipun sanes. Piyambakipun kenndel
mboten jawab rumaos kebingungan badhe nolak mboten wantun, mula lajeng
kerenthek badhe nilar griyanipun. Badhe kabur sak kayak – kayah. Dalunipun,
piyambake lajeng ngringkesi agemanipun. Antawis tengah dalu lajeng kesah bekta
agemanipun sedaya, tumuju wana mlampah ngidul terus ngantos dumugi enjang.
Sareng sampun dumugi tengahing wana, meyambakipun meningo griya alit, ingkang
payunipun menika saking alang-alang, lajeng piyambakipun tumuju dateng ngriku.
Kaleres menika dalemipun Nyai Dukuh. Randa sepuh ingkan mboten gadhah keluarga.
Wekdal menika Nyai Dukuh nembe ramban ron petet meningo lare estri mlampah
piyambakan, lajeng dipun purugi, dipun takeni, “lho ndhuk, kowe bocah ndhi,
kancamu sapa, kuwe putrane sapa, jenengmu sapa?” Retna Kencana lajeng jawab, “nami
kula Retna Kencana mbah, kula mboten gadah tiyang sepuh, mboten gadah keluarga,
kula lare kabur kanginan, mbah.” Nyai Dukuh lajeng matur “kuwe takpek anak,
takjak omah-omah neng tengah alsa kene iki kuwe gelem ndhuk?” jawabe Retna
Kencana, “Alhamdulillah, kula purun mbah, menawi nyai purun nggateni kula.” “ya
wis, yen ngunu ayo mulih ning gubukku cilik kae.”
Sareng sampun enjang,
Ki Gede tegalombo mirsani putrinipun Retna Kencana wonten griya dereng tangi,
lajen dipun tuweni wonten kamaripun mboten wonten, Ki Gede tegalombo rumaos
kaget. Dipun padosi wonten tangga tepalihipun mboten wonten, lajeng dipun
padosi wonten Banyutawa, anggenipun Ki Gede Tegalombo mbok menawi dipun betha
mlajeng kaliyan Jaka Selining. Ananging mboten wonten. Sehingga Jaka Selining
ugi ndherek madosi, ananging mboten saged manggehaken. Akhiripun, Ki Gede
Tegalombo murugi putranipun wonten Kajen, Brojoseti kaliyan Brojonoto kapurih
madosi adike ingkang kabur saking griya.
Lajeng Brojoseti nyuwun pirsa arah-arahanipun anggene madosi adike
kalayan gurunipun inggih menika Mbah Ahmad Mutamakin. Lajeng dipun paringi
arah-arahanipun kapurih madosi dateng tengahing wana sak kelilingipun Desa
Banyutawa. Sak estu lajeng Brojoseti kalayan Brojonoto madosi wonten tengahing
wana, pinanggih kalayan Nyi Dukuh. Lajeng dipun takeni, “mbah, panjengan ningo
lare estri ingkang kesah piyambakan mboten mawi kanca mriki, mboten?” lajeng
Nyai Dukuh pitaken “panjengan sinten naminipun? Lajeng panjenengan tiyang
pundi?” jawabipun, “nami kula Brojoseti, kula putranipun Ki Gede Tegalombo,
kula niki madosi adik kula ingkang naminipun Retna Kencana, mbah.” Nyai dukuh
langsung jawab, “inggih, kula meningo nak, naminipun Retna Kencana, kala wingi
kepanggihan wonten tengah wana, untunge mboten diganggu kaliyan satu galak lan
bangsa lelembut dateng wana mriki niku katah sanget. Lajeng piyambake kula
pendet putra purun.”
Lajeng Nyi Dukuh
kaliyan Brojoseti tumuju griyanipun Nyi Dukuh methuk adike. Sak sampune mireng
cariyos sebab adike minggat saking griya, Brojoseti melas dateng adike lajeng
Brojoseti nitipke adike marang Nyi Dukuh, benjang sak rampunge Brojoseti
meguru, panjenengane badhe tumut kaliyan adike wonten griyanipun Nyi Dukuh lan
badhe babat wana mriku supados saget dipun damel sawah.
Asal
Jeneng Dukuhseti
Wana lajeng dipun
babati dening Mbah Brojoseti, Nyi Dukuh, saha dipun bantu kaliyan abdinipun
inggih menika Mbah Anggur. Wonten ngriku sedaya satu kewan galak, jin, setan
sami ngamuk sebab panggenanipun dipun rusak, nanging mbah Brojoseti mboten
mindersebab piyambakipun sampun kebak ilmu agama saha ilmu kanuragan, sedaya
dipun atasi kanthi sukses. Akhiripun dados dusun ingkang loh jinawe, subur
makmur. Gandeng ingkang babat pertama Nyai Dukuh kaliyan Mbah Brojoseti, mula
lajeng dipun paringi nami DESA DUKUHSETI.
Bersambung...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar