...
Buludono Wayah Ketiga
Sak lajengipun, sareng
Mbah Brojonoto adhikipun mbah Brojoseti mangertosi menawi wonten dusun
Dukuhseti sing di damel kangmase meniko toyanipun malimpah ruah saha dhateng
Buludono nembe kekirangan toya. Lajeng mbah Brojonoto ngutus abdinipun dibetani
kranjang ingkang kangge ngarit menika kapurih nyuwun toya dhumateng Mbah
Brojoseti. Dumugi Dukuhseti abdinipun Mbah Brojonoto matur “mbah Brojoseti,
kula dipun utus kaliyan Mbah Brojonoto kapurih nyuwun toya, sebab wonten
Buludono tanemanipun sami garing mboten wonten toya, tanemanipun sami pejah.”
Mbah
Brojoseti jawab, “Lho, wong jaluk banyu kok gawananmu keranjang, pamer yo? Wis
kuwe baliyo. Matur karo ndaramu, mengko bengi tunggunen ana sawah karo ndaramu
mengko tak kirimi banyu.”
Lajeng
mbah Brojoseti nimbali kek Anggur, “Anggur!”, “dalem ndara” jawbe Kek Anggur.
“iki
sliramu tak utus njupuk banyune Ki Gedhe tuwalang, iki tak gawani alat pecut
lukon, iki mengko coblosna kali sing sisih kulon, mengko arahna ing desa
Buludono.”
“sak
mangke menawi kula konangan Ki Gedhe Tuwalang
pripun mbah?”
“mengko
nak konangan kuwe mlayuo mengetan, mengko aku sing ngadepi.”
“inggih
sendhiko mbah.”
“yo
wis, budhalen bengi iki.”
Sareng
sampun dumugi wonten panggenanipun, pecut lukon lajeng dicoblosna lepen,
akhiripun toya lepen wono soyo lokak. Nalika Ki Gedhe Tuwalang mangertosi
toyanipun asat, Ki Gedhe Tuwalang lajeng madosi tiyang ingkang sampun mundhut
toyanipun. Akhire Ki Gedhe Tuwalang kepanggih kaliyan tiyang ingkang
cikrak-cikruk lajeng dipun sapa. “Sapa sing njupuk banyuku?” mila wonten
Buludono wonten sendang naminipun Sendang
Sopo. Kek Anggur kaget lajeng mlayu mengaler, terus dipun gudak sehingga
kecepeng wonten ing tengah wono Kembang. Mboten wonten ingkang nulung, sebab
piyambakipun kesupen yen dipun dhawuhi mlayu mengetan malah mengalor. Mila
lajeng kecepeng, lajeng dipun bondo dipun tumpangaken potongan kayu jati lajeng
dipun sembelih jangganipun. Rahinipun mblabar-mblabar dados sabin Seblabar. Badhe sedanipun, mbah Anggur cekak-cekik,
mila wonten mriku, wonten sabin naminipun Secekok.
Mbah
Brojoseti sing ngenteni abdinipun rumaos sanget gelisah, ketar-ketir amargi
ngantos siang abdinipun dereng wangsul. Lajeng mbah Brojoseti mireng yeng
wonten tengah wono sebelah lor wonten tiyang ingkang dipejahi dipun sembelih kaliyan
Ki Gedhe Tuwalang. Akhiripun kepanggih perang catur, Ki Gedhe Tuwalang kongkok
terus perang tanding utawi jotos-jotosan. Ki Gedhe Tuwalang kawon, mlayu wonten
tengahing wono. Nanging sadurunge pisah, Ki Gedhe Tuwalang nginteng-nginteng
badhe bales kekawonane kalawou. Lajeng dalunipun Ki Gedhe Tuwalang mateg
aji-aji dados celeng ingkang ageng sariget, ngrisak sedoyo taneman.
Enjingipun
sedaya pendduk ngomongaken sedaya taneman ingkang risak. Wonten salah
satunggiling penduduk ingkang ningo celeng ageng sing ngrisak sedaya taneman.
Mbah Brojoseti mireng kabar punika, lajeng yakin meniwi sing ngrisak sedaya
taneman punika celeng jelmaan saking Ki Gedhe Tuwalang. Pas wanci sonten mbah
Brojoseti ngentosi metune celeng wonten sawah.
Nalika
wanci dalu celeng jelmaan saking Ki Gedhe Tuwalang medal. Sareng mbah Brojoseti
musuh celeng seradi kasoran, lajeng mbah Brojoseti mateg aji-aji jelma macan
kang ageng sanget. Lajeng celeng musuh macan, akhire celenge kawon. Lajeng Ki
Gedhe Tuwalang mungel, “He Brojo, kuwe iso jelma macan, mula kuwe tak juluki Singobarong.” Singa artine macan, barong artine ngamuk. Milo lajeng dipun
sebat mbah Brojoseti Singbarong. Ki Gedhe Tuwalang lajeng ngutus abdinipun
kapurih nembok/nanggul toyanipun sekinten mboten mili wonten wilayahipun mbah
Brojoseti Singobarong. Sareng Mbah Brojoseti Singobarong mangertos menawi
toyanipun dipun tanggul, milo lajeng ngungel utawi dipun sabdakaken, “yo,
senajan pariku urip karo lamur, nanging tahunan ora bakal dipangan bubuk bang,
nanging parimu senajan urip karo banyu ora nganti “sambel pelem” wis dipangan
bubuk bang.”
Akhire
Ki Gedhe Tuwalang tambah nesune, terus jaluk tulung karo gurune, lajeng
piyambake saget jelma ula naga ingkang sanget ageng dipun iringi banjir
bandang, terus lakak-lakak madosi mbah Brojoseti Singobarong kanthi mugel, “ayo
maju kuwe Singobarong yen kuwe lanang tenan. ” mbah Brojoseti Singobarong
lajeng medal, sareng meningo sawer ingkang sangking ageng menika piyambakipun
minder, mboten wantun nandingi.
Lajeng
mbah Brojoseti Singobarong kesah wonten Buludono, sowan dateng gurunipun iggih
menika mbah ahmad Mutamakin.
Lajeng
mbah Brojoseti Singobarong matur kaliyan gurunipun, “bilih kula gadah musuh
ingkang saget jelma celeng lan sanes-sanesipun punika sampun saget kula atasi
sedoyo. Ageng Nanging, ingkang piyambakipun saget ndatengaken banjir bandang
saha saget jelma sawer ingkang ageng sanget, kula mboten wantun mbah.”
Jawabe
mbah Ahmad Mutamakin, “Lha kuwe iki wong lanang, gagah, musuh ngunu wae kok
wedi. Wis, iki tak gawani alat rupa dhuk, mengko cegaten enteni nganti
satekane. Mengko yenwis teka candaken buntute, terus taleni, nanging aja mbok
pateni, gereten alangno ana kali ben dadi tontonan lan ben dadi wot wong kang
arep nyebrang kali.”
“inggih
mbah, nyuwus pangestunipun.”
Lajeng
mbah Brojoseti Singobarong ngrantos datengipun musuh ngantos pinten-pinten dalu
dipun kroyok lamuk, dipun usapi ngantos undhung-undhung. Milo lajeng wonteng
mriku ngajeng makam wonten panggenan ingkang dipun westani Kupundhung lamuk.
Ngadepi
wanci dalu, mboten antawis dangu, Ki Gedhe Tuwalang medal saking tengah wono,
mawi jelma sawer ingkang dipun sarengi banjir bandang, lajeng mbah Brojoseti
Singobarong jumeneng, mapak datengipun sawer punika. Sawer lajeng nantang, “Ayo
Singobarong majuo, yen sira lanang tenan.”
Lajeng mbah Brojoseti Singobarong mboten serantan lajeng ambyur, sawer
dipun tubruk, dipun candak buntutipun, lajeng dipun tangsuli. Sawer dipun geret
tumuju wonten kali. Lajeng dialangaken dados wot. Milo rupanipun sawer cemeng
kados watu wonten kali, lajeng dipun sebat Tuwalang,
inggih menika watu kang malang.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar