Rabu, 03 Desember 2014

LAIRE WISANGGENI

Wonten Satriya saking kahyangan Argadahana, piyambakipun putra saking Arjuna lan Batari Dresanala anak dari Batara Brahma. Piyambakipun inggih menika Bambang Wisanggeni. Piyambakipun nggadahi kaunggulan arupi kapinteran wonten sedaya hall amarga Bambang Wisanggeni kalebet manungsa setengah Dewa. Ugi titisan saking Hyang Wenang.
            Sawijining Dina ing Kahyangan jonggring Saloka, Batara Durga lan Dewa Srani ngadep wonten ing ngarsanipun Batara Guru. Kekalihe ngadep amarga kekarepane Dewa Srani sing kepingin Batara Dresanala dadi sisihane. Tekane ing Jonggring Saloka ditampa karo Batara Guru. Batara Durga jelasake maksud tekane ngadep. Yen bisa tekan Jonggring saloka yaiku amarga panjalukane Dewa Srani sing kepingin kawin karo Batari Dresanala.
            Batara Durga jaluk restu marang Batara Guru supaya Dewa Srani di kawinake karo Batari Dresanala. Masalah Dresanala wis duwe bojo Arjuna ora dadi alangan maneh. Batara Durga lan Dewa Srani jaluk supaya Arjuna dipisahake saka Dresanala, kayangapa carane. Amarga yen wis pisah saka Arjuna, gampang yen arep oleh Dresanala. Batara Guru nyetujuni kekarepane. Amarga Dewa Srani murid kesayangane.
            Sakwise pertemuan iku, Batara Guru ngundang Batara Brahma. Batara Brahma yaiku Ramane Batari Drusanala. Batara Guru nyampaikna apa kang dadi kekarepane Batara Durga marang Batara Brahma. Batara Guru prentah supaya Batara Brahma bali menyang kahyangan Hargo Brahma, kanggo nyeraikaken  Drusanala saka Arjuna. Lan ngusir Arjuna saka Kaindran.
            Nanging Batara Brahma nolak marang prantahe iku, “piye aku bisa misahake lelorone paduka? Dresanala wis duweni bojo lan isih ngandut pitung sasi. Deweke uga ora duweni masalah apa-apa”. Pitakone Batara Brahma dijawab ketus marang Batara Guru. “yen kowe ora gelem nurut marang prentah ku. Kowe bakal tak samber petir!”. Krungu jawaban kaya mengkono Batara Brahma kaget. Akhire Batara Brahma kepeksa nuruti prentahe Batara Guru. Batara Guru prentah Dewa Srani kanggo ngetutake lungane Batara Brahma.
            Akhire Batara Brama bali nemoni anake, Dresanala. Karo rasa kang abot Batara Brahma nyampekake apa kang diprentahna Batara Guru ngenani prentahe supaya pisah saka Arjuna. “Dresanala, dina iki awake dewe kudu nampa kasunyatan kang pait, kasunyatan kang abot dirasakna. Rama diprentah Batara Guru. Dresanala, Rama pingin ngerti sepira gedene rasa tresnamu marabg Arjuna tekan dina iki?”. Dresana mangsuli, “duh Rama upama aku ditakoni sepira tresnaku marang kakang mas Arjuna, tresnaku ora bakal luntur meski dunya kiamat Rama”. Krungu jawabane anake Batara Brahma sedih, Ramane mangsuli, “duh Gusti aku jaluk pangapura, nanging Dresanala, Arjuna kui sipate manungsa lan kowe iki Sipate Bidadari”. “duh Rama kenging punapa panjenengan nembe mawon ngendika kados mekaten, sak menika kula taksih ngandut pitung sasi”.
Batara Brahma tetep meksa Dresanala, senadjan atine berontak, “Dresanala, luwih becik awake dewe manut karo Batara Guru, kowe kudu pisah saka Arjuna!.” Dresanala nangis sesengguken, krungu prentahe ramane. Dresanal tetep teguh marang oendiriane, dewekne ora gelem pisah saka ARjuna. Saking ora sabare banjur Batara Brahma kepeksa ngajar Dresanala, merga ora gelem manut.
            Saking bantere ajarane ramane, Dresanala jerit. Jeritan kang ora biasa. Deweke jerit kelaran. Ajarane ramane ngenani weteng kang lagi isi jabang bayi. Dadikake bayi kang lagi nang weteng pitung wulan kui lair nang alam donya. Nanging Dresanala justru semapu ora kuat nahan lara.
Weruh putune kang lair, Batara Brahma banjur nggendong kanti rasa tresna, “duh putuku, kowe lair premature, kulitmu kuning kaya bapakmu. Muga-muga kowe bisa nerusake gegayutane wong tuamu. Duh putuku…”
***
            Ora disangka Dewa Srani teka, deweke ngomong, “wahai Batara Brahma aku Dewa Srani, panjenengan diaturi ngadep Batara Guru. Tinggalke bocah kui”. Batara Brahma langsung mangkat inggkale panggonan lan putune. Dewa Srani ngguyu licik delok jabang bayi kui. Deweke ngundang bangsa demit jenenge Bacu Barat supaya gelem mangsa jabang bayi kanthi entek sak balung-balunge ana ing alas.
            Sak tekane alas, Bacu Barat ngundang kanca-kancane kanggo ngrewangi ngentekna jabang bayi anak Janaka. Siji siji maju pada nyokoti si jabang bayi gentian. Kabeh demit ngusahake ngenteki jabang bayi, niate supaya mati. Nanging para demit kewalahan. Banjur kabeh demit brayan olehe nyokoti jabang bayi. Tapi apa kenyataane, para demit justru pada rompal, ajur untune, ucul saka gusi panyanggane. Awake sang jabang bayi justru saya sui saya kuat. Keadaaan dadi mbalik, bayi kang saya kuat iku gentian balik nglawan para demit. Kanti pada mati.
***
Ana ing kahyangan Jonggring Saloka, Batara Guru takon marang Batara Brahma, “Batara Brahma, kok wenehi apa putumu, kasi para demit pada rompal untune? Aku ngira yen didelok saka bapakne, anak Arjuna sawijing dina bakale nuntut wales. Mula Brahma, jegurna anak Arjuna marang Kawah Candradimuka”.
***
Sementara ing kawah Candradimuka Semar nyeksekake kabeh kekadean kang dilakokake para Batara. Semar jijik delokake ulah para Batara kang kelakuane marang anak Janaka memper kaya Bajingan. Semar nulumg Jabang bayi saka kawah.
            Anak Janaka takon. “kowe iki sapa? Kabeh wong pada mungsuhi aku, pada kepingin mateni aku, nanging kowe justru nulung aku, jan-jane kowe iki sapa?” pitakone anak Janaka. Semar jawab kanti rasa tresna “wong-wong pada ngarani aku Semar”.
            “jenengku iki sapa kek?”. “pas isih bayi kowe di kroyok marang bangsa demit kasi akhire wisa para demit melbu ing awakmu,  lan dijegurake marang kawah Candradimuka nang kana kowe nyampur karo geni. Mula kowe tak jenengi Wisanggeni”. Wangsulane si Semar.
Banjur Wisanggeni takon marang Semar, sapa sejatine wong tuane. Semar ngandakake  yen luwih becik aja takon marang bab kui desek, ana bab kang luwih penting dikandakake saka iku. Akhire semar nyritakake riwayat perjalanane Wisanggeni. Yen deweke digawe cilaka marang Batara Guru. Semar printah marang Wisanggeni supaya teka marang lawang Selamotangkep ing kahyangan Jonggring Saloka, kanngo nemoni Batara Guru kang duweni tangan papat tunggangane sapi. Wisanggeni banjur mangkat marang Jonggring Saloka.
            Wisanggeni nyemburake geni ning lawang Selamotangkep, amarga Batara Guru ora teka-teka. Ora ana kang wani nemoni Wisanggeni. Akhire Wisanggeni bali menyang Semar. “wis tak bakar lawang Selamotangkep kek, ora ana sing wani marang aku”. Semar mangsuli “kesaktenmu luar biasa Wisanggeni, bapakmu uwong kang sekti mandraguna, kayangapa senenge wongtuamu duweni anak kayak kowe”.
            Wisanggeni takon, “banjur becike aku kepiye kek?”. “apik ke kowe saiki lunga a menyang kahyangan, temoni Batara Guru. Dajar sak bisa mu!”.
***
            Sementara ning kahyangan Jonggring Saloka Batara Guru nemoni Batara Narada. Batara Guru, “kakang Batara Panji Narada, kahyangan lagi ana masalah teka saka Wisanggeni kang gawe kekisruhan. Para Dewa pada kewalahan nandingi Wisanggeni. Becike kepiye kakang?”. “Batara guru, geni sing lagu murup gede aja disiram nganggo banyu apa wae, amarga geni yen disiram saya tambah gede. Wisanggeni kuwe bocah sing lagi butuh kasih sayang orang tua. Upama kowe kasar marang bocah, sing ana bocah kui malah nglawan”.
            “Terus kepiye kakang?”. “sing ngadepi ben Dresanala wae, Wisanggeni digadang dadi dewa pungkasan. Apike Wisanggeni di wisuda kanggo tanda yen dewa terakhir uwis lahir”, jawab Batara Narada. “inggih kakang”. Banjur pada nemoni Batari Dresanala.
            Batara Guru lan Dresanala nemoni Wisanggeni. Dresanala, “anakku Wisanggeni…”. “iya ibu..“anakku Wisanggeni becike kowe aja gawe kerusuhan ana kene. Kowe diterima ana kahyangan, banjur kowe arep diwisuda dadi dewa terakhir”.
            Nanging apa kang dijanjikake Batara Guru ora ditepati. Alesane  Wisanggeni bocah kang ora duweni tata krama. Wisanggeni uga dudu keturunan dewa asli, deweke duweni keturunan manungsa. Atas prentahe Batara Narada, Wisanggeni gawe kacau kahyangan. Ora ana siji siji a uwong kang  nyekel ngalahake Wisanggeni, amarga Wisanggeni ana ing perlindungane Hyang Wenang, leluhur Batara Narada. Batara Guru diajar entek-entekan. Batara Guru lan Batara Brahma akhire jaluk ngapura, tobat lan ngaku salah. Batar Guru takon marang Batara Narada, “sebenere bocah kui sapa kakang?”. “kae ya putumu Wisanggeni”. Banjur akhire Batara Guru lan Batara Brahma jaluk pangapura marang Wisanggeni. Saka kedadean kui Batara Narada banjur gelem marang kahyangan maneh.
            Wisanggeni teka ing Amartaa marani bapakne, Arjuna. Arjuna ora gampang percaya ngono wae. Akhire kasi kedadean perang tanding antarane Wisanggeni lan para Pandawa. Sakwise Wisanggeni nyritakake kabeh kedadean, Arjuna banjur mangkat ing kahyangan Tunggulmalaya, panggonane Dewa Srani. Ngliwati perang kang geden Arjuna bisa gawa Dresanala saka Dewa Srani. Akhire Wisanggeni, Arjuna lan Dresanala kumpul urip brayan.
            Saka kerja keras kang dilkokake Wisanggeni, akhire Wisanggeni sing kawit cilik sengsara bisa nyatukake bapak ibune. Sing paling ditresnani.

            

Tidak ada komentar:

Posting Komentar