Selasa, 02 Desember 2014

Djajus Petѐ lan 3 Karyane : Buntung, Topeng lan Dasamuka

Djajus Pete menika pengarang nyentrik klairan Ngawi tanggal 1 Agustus 1948. Djajus Pete iki dadi guru SD Negeri ing laladan Kab. Bojonegoro. Nate kedhapuk dadi Ketua Umum Dewan Kesenian Bojonegoro masa bhakti taun 2001-2004. Wiwit taun 1971 pengarang iki enggone lelumban ing jagading penulisan crita cekak kanthi serius. Kasebut mengkono awit nduweni bobot kang anteb. Cerkake kang asesirah kakus antuk hadiah sastra saka majalah Panjebar Semangat minangka cerkak terbaik saka sawernane cerkak kang kapacak ing majalah Pajebar Semangat minangka cerkak terbaik saka sawernane cerkak kang kapcaka ing majalah Panjebar Semangat wiwit taun 1993 tekan 1997. Cerkak Tikus Lan Kucinge Penyair antuk hadiah sastra saka Sanggar Sastra Jawa Triwida, 1995. Balai Penelitian Bahasa Yogyakarta aweh piagam penghargaan marang Djajus Pete minangka pengarang terbaik ing taun 1998. Cerkak Petruk lan cerkak Dasamuka nate diwaca dening pengarange ing Taman Ismail Marzuki, Jakarta taun 1999 ing acara Pentas Sastra Daerah.


Ana ing ngisor iki badhe babarake 3 cerkak karangane Djajus Pete kang asesirah Buntung, Topeng lan Dasamuka

Ringkasan

Buntung
Ing cerkak sing judule Buntung iki nyritakake bangsa luwak kang padha geger ngrembug bab pimpinane sing jenenge Bangkong mrentahi Gangsir, yaiku kinasihe supaya nyusun undhang-undhang yen kabeh luwak ora kena kewar-kewer ngingub buntut. Prentah kang mengkono kuwi mau nggetapake atine rakyat. Alesane Bangkong gawe undhang-undhang kuwi mau, buntut iku ora penting, ora ana gunane, mung ngewuh-ewuhiwae. Mula saka iku buntute dibuwang supaya ing awak luwih kepenak dienggo mingar-minger. Awak dadi entheng, wis ora ana sing ngebot-ngeboti awake. Luwih kepenak dienggo mlaku lan uga luwih kebat dienggo mlayu.

Omongane Bangkong dibantah karo luwak sing jenenge Kliwon lan Pahing. Miturute luwak loro kuwi, buntut wis kodrat wis dadi perangane awak sing kudu ana lan wis awit lair procot nduwe buntut. Wis kulina wiwit cilik nggawa buntut lan ora tau ana sing sambat kabotan.

Amarga undhang-undhang sing digawe Bangkong mau, kabeh luwak padha mlayu pating blesar. Paing lan Kliwon weruh buntute Bangkong sing dirubung semut. Getih sing kececer saka buntute Bangkong yen dituruti tumuju ana ing omahe wong sing nduweni pitik. Saka kono kuwi Paing lan Kliwon ngerti apa sing di lakoni Bangkong, sababe Bangkong ora nduwe buntut lan kanggo nutupi polahe kuwi Bangkong nggawe undhang-undhang sing ora nggenah kuwi.


Topeng

Cerkak Topeng iki nyritakake kahanan sing ana ing pasar, lumrahe pedagang kaki lima pada dodolan ning pasar tradisional utawa panggonan ngendi wae sing kirane rame ditekani para lengganan. Pancen, keadaan kaya mangkana angel diarahake, amarga panggonan lawas kui bener-bener bisa nguripi keluarga. Senajan setitik ana pemasukan. Keadaaan kaya mangkene iki andadeake sengkele para petugas Satpol PP, petugas kang ngatur masalah ketertiban dalan.Wis bola-bali dielikaka ekon pindah pasar anyar sing wis digawe nanging para pedagang kaki lima sajake ora nggatekake.

Isuk kui ning kantor, Weruh cacahe bakul wuwuh, Pareresmisuh-misuh. Parereskarep yen caranengusiraluwungnganggokekerasanwae, nangingstafSatpol PP cacahsepuluih sing ditudingsupayangobrak-abrikpasartrotoar, akeh sing muni kabotan. Alasane, kabehpadhaduwetangga sing dodolananaingkono.

Salah siji pegawaine usul yen ora kepenak olehe ngobrak abrik piye yen disiasati nganggo topeng wae. Para pegawai liyane banjur pada setuju karo usule Kamto. Kantor kepeksa cucul wragad kanggo tuku kain lan ongkos kanggo njahitake topeng sing diwangun kaya kanthongan. Kejaba topeng kanthong gampang dienggo, uga ora gampang ucul lan bisa brukut nutup sirah engga ora gampang dititeni dening tanggane.
Jam wolu esuk, ketel-ketel pasar trotoar, petugas topengan sing nganggo helm dinas sing ana tulisane SATPOL PP, tumandang ngobrak-abrik. Bakul-bakul padha njelih pating jlerit karo ngukuti dagangane.Wong-wong blanja ambyar, bubar. Gegering pasar gawe macete ing dalan sacedhake. Sakehing kendharaan padha mandheg, wong-wong sing ana njero-njero toko padha metu, kabeh kepingin weruh ana apa? Butuhe mung kepengin nonton. Nonton bingunge wong mlayu, nonton wong nangis. Bakul pitik nangisi pitik-pitike sing mati kepidak-pidak polahewong. Akeh jajanpasar sing numpak keterak-terak, mblasahorangukupworsuh karo sawernane dagangan sing ancur.

Akhire pedagang kaki lima pada gelem pindah menyang pasar anyar omongan. Ana ing mobil Kamto omongan karo Pareres. Ngendikane,”nek mung nertibake wong cilik wae, ora angel, senadjan bandel nanging yen ditendang wae wis pada wedi banjur pada tertib. Ana siji perkara sing angel di tertibake”.

“Apa kui?”. “nertibake moral kanggo ora nggusur kepentingan rakyat”.

Pareres sing rokokan isih terus rokokan, tanpa reaksi, kaya ora kepengin nanggapi rembuge Kamto. Saka waliking kaca mobil, Kamto nyawangi kios-kios tilasing Pasar Rakyat sing wiwit digempur dening kuli-kuli bangunan.

Aspek yang Menonjol
Aspek kang menonjol saka cerkak kang irah - irahaneTopeng inggih menika saking aspek sosial. Pengarang nyritakake keadaan sing ana ing sajroning masyarakat ning pasar lan para petugas Satpol PP. Pengarang nggambarake kayangapa keadaan para pedagang kaki lima sing ngoyak pasaran bendinane. Sing ora tau wedi karo Satpol PP. pengarang uga nyritakakekayangapa rasane dadi Satpol PP nalika kudu ngadepi karo keadaan sing paling ora dipingini. Yaiku nalika kudu nganggo cara kekerasan olehe nertibake pedagang kaki lima. Padahal sing di tertibake kui tanggane dewe. Sing saben dina ketemu sesrawungan. Akhire para Satpol PP olehe nertibake nganggo topeng supaya ora dikonangi asline uwonge.

Pengarang uga ngritik para pejabat duwur sing diterapke saka crita iki. Yaiku nalika ana ing mobil sak bubare ngobrak-abrik pedagang kaki lima. Tokoh Kamto ngibaratake yen uwong cilik upama dikandani angel dikerasi setitik wae uwis wedi banjur pada tertib maneh. Nanging yen ngandani morale wong duwur supaya ora nggusur kepentingan rakyat pancen angel.


Ringkasan
Dasamuka
Ing cerkakDasamuka iki nyeritakake dhalang Ki Bilung Sarawita ingkang pentas kanti lakon Dasamuka. Ing kene dhalang nyeritakake yen Dasamuka kui ora bisa kalah karo Rama, lan ing kene Dasamuka malah ngasorake Sinta. Nalika dalang nyeritakake lakon wayang sing ora manut karo pakem mou, penontone pada ngamuk, misuh – misuhi dhalange. Nanging dhalang tasih tetep neruske cerita, blas ora gubris penontone kaya wong kang kerasukan utawa teler.
Ing kana ana 3 penonton yaiku, Dul Sabrang, Jan Kempul lan Min Kombor kang banget mangkele nganti marani Suro Melik sing nduwe gawe . Penonton mou misuh – misuh karo sing ndue gawe. Dhalang kayak ngana ora reti pakem kok ditanggap. Lajeng ana sawijining sesepuh desa mara nengahi supaya padha sing sareh. Penonton 3 mou terus marani tukang panjak kenong, takon kenapa dhalange isa gawe lakon kaya ngana.

Tukang panjak kenong banjur ngandarake yen wayang Dasamuka sing di enggo dhalang mau iku digawe saka kulite bromocorah kang mati dikroyok massa ing pinggir kali Lawas. Saka bangeting kemropoke sing padha ngroyok, kaya durung lega mateni, kulite dibeset pisan. Kulite ditemu wong sing gawene yasa wayang kulit, banjur ditatah dadi Dasamuka kuwi.

Sing dikandhani kaget pating pendongong, banjur padha nyawanngi saparipolahe dhalang. Panjak kenong nindakake pakaryane nabuh. Min Kombor ngelajengake pitakonane. Apa wayang mau marahi malati?. Lajeng tukang panjak kenong mou cerita maneh yen wayang mau bisa ngendalekake dalang nalika wayahe Dasamuka kawon, dhalang kados kesurupan, nganti lakune crita kwalik – kwalik kados ngoten. Min Kombor takon maneh sapa sing nduweni wayang mau. Wayang mou ora nduwekke dhalang. Kandane tukang panjak kenong wayang mau duwekke wong kang nonton wayang mau sing ngagem klambi lorek kang lunguh ing sacedhake panjak gender.

Lajeng cerita mau nyebar ing penonton liyane kanthi cepet.

Dhalang taksih nerusake cerita wayang mau karo ceritane kang kwalak – walik ora karepe dewe.

Para penonton lajeng rembugan badhe nuku wayang mau. Salah sijine penonton marani sing nduwe wayang kandha yen arep nuku wayange. Sing nduwe gelem ngeculke yen regane 200 ewu. Lajeng para penonton pada urunan nguterke baskom kanggo wadah duit urunan. Ana sing urun Rp 25,00, Rp 50,00, Rp 75,00 sak eklase sing urun.

Sak wise duwite ngumpul lajeng diwenehake sing nduwe wayang. Amerga Ki Bilung wis dirembugi karo sing nduwe wayang, Ki Bilung api – api ora weruh kalane tangane Dul Sabrang njabut Dasamuka iku. Penonton keplok mawurahan, banjur gemrubug suk – sukan ngetutake Dul Sabrang menyang tengah latar wayah srengenge rantak – rantak.

Dening Dul Sabrang, Dasamuka iku terus disawatake mendhueur. Kabeh penonton padha ndhangak pating braok, tangane padha ngracung. Tibane Dasamuka tinampan rasa pangigit – igit. Dasamuka kang ngudi kamelikan, pakareman, kanikmatan, kamukten lan kawibawan ajur dirusak rame – rame. Dieneng – eneng, ditarik – tarik ngiwa nengen. Diuntir, diprekes, dikeplek – keplekake, ditekuk – tekuk nganti tangane putung kabeh. Senajan rupane wis ora rupa wayang, ewasemono isih digejugi, banjur dipetelake ing ndhut – ndhutan gupakan kebo.

Swara gumerahe penonton ngalahake ramene gendhing Ayak – ayak Pamungkas, tandha tancep kayon.

Ki Bilung Sarawito, dhalang nylelek sak tlatah Bojonegoro, ndhalang maneh ing wewengkon kono. Lakone padha persis kaya nalika mayang ing omahe Sura Melik. Penonton akeh sing ambrol mulih, wegah ndeleng lakon sing dianggep mblangkrah. Dul Sabrang ngunuk – ngunuk nglabrak panjak kenong. Kari – kari wayang Dasamukane kui ana loro. Sing dituku mbiyen kae iku wayang Dasamuka siji. Dul Sabrang iseh ora ngandel.

Merga dianggep nganggu pakaryane pengrawit, ana Hansip sing terus nggeret Dul Sabrang diajak nyingkrih. Sing digeret mogok karo iseh ngempo – ngempo. Dul Sabrang lagi gelem nyingkres sawuse dijawil Darmo Dipo, tokoh masyarakat kang vanget disungkani dening wong desa kana.

Dul Sabrang diajak menyang panggonan bakul wedang, banjur digunemi, “Marem iku pancen larang regane. Regane sok ora kubuk karo pikolahe kemareman sing ora langgeng. Marem, bungah, susah, mangkel, cuwa lan muring iku, wis dadi pirantine urip. Maremmu ilang, saiki kowe mangkel maneh, muring maneh bareng weruh Dasamuka iseh ana.” Dul Sabrang ngeyel yen dhalange kui ora reti pakem lan ngerusak pakem. Lajeng Dul Sabrang digunemi maneh “Pakeme ora apa –apa. Ora rusak, ora suwek. Kowe weruh ngunu wae kok wis kemrungsung, nganti Suro Melik sing ora weruh jawane arep kok amuk. Mangka ing urip saben dina iki, apa ya wis apik nurut pakem? Nyatane pakem disampar, disandhung, diteraki ngalor ngidul.”

Dul Sabrang ora wangsulan. Sing keprungu nywara banter, guyu ngakake Dasamuka ing pakeliran kang mung diandhep Indrajit.

Aspek yang Menonjol
aspek ingkang menonjol saking cerkak kang irah - irahanipun Dasamuka inggih menika mundut saking aspek sosial, pengarang badhe babarake prakara kang ana ing masyarakat yaiku, masyarakat menika katah - katahe nalika enten prakara kang nyeleweng sakeng pakem utawi aturan mesti padha geger, grudukan, langsung nyalahke, main hakim dewe utawa main massa dewe ora luru sebab – sebabpe. Tur ing kunu masyarakat luru rasa marem kanggo ngelampiasno rasa mangkele karo sapa wae sing ngelanggar pakem kang ana kuwi. Rasa marem kuwi pancen larang regane. Sok regane ora sumbut karo pikolahe kemaremane mou sing ora langgeng, malah – malah isa nyebabke kerugiane awake dewe. Amerga, marem, bungah, susah, mangkel, cuwa lan muring iku, wis dadi pirantine urip saben menungsa.
ing cerkak iki uga ngandakake yen ing urip saben dina iki apa ya uwis pada nurut pakem kang ana? Nyatane pakem kang ana iseh disampar, disandhung diterak ngalor ngidul. Lan ing dalem masyarakat kuwi peran sesepuh utawin tokoh masyarakat kang disungkani menika dados palerem ing semrawute masyarakat katimbang pakem – pakem kang ana.
Simpulan

saka kabeh cerkak kang cacahe ana telu, kang wis dibabarake ana ing dhuwur mau, saget disimpulke yen cerkak karyane Djajus Pete iki isine ngisahke saben kedadeyan lan masalah kang ana ing manyarakat saben dinane sing ndadekake gampang dipahami, ditambah maneh bahasa kang digunakake ana ing cerkak karangane Djajus Pete iku gampang dipahami sehingga ora ndadekake sing maca binggung.



Aspek yang Menonjol
Aspek kang menonjol ing cerkak kang irah –irahane Buntung inggih menika saking segi sosial menika ngandaraken yen nalika enten pemimpin ingkang damel kesalahan nanging wedi yen kesalahane mau konangan, lajeng pemimpin mau gawe undang – undang kang bisa gawe untunge awakke dewe supaya ora konangan tanpa mikir piye atine rakyate. Sanese, ing cerkak iki uga babarake yen aja mung ngrungokake pimpinan rasan nanging uga ngrungokake rakyate. Dadirakyat iku kudu pinter aja angger manut karo keputusan utawa undang – undang sing digawe karo pemimpine., dadi rakyat uga kudu teliti marang keputusan kang digawe pemimpine, kayata sing dicontohake luwak Kliwon lan Paing.
Ringkasan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar