Gedhene gunung
Ambane samudra
Panase geni
Ademe banyu
Padange rina
Petenge bengi
Kabeh dadi anugrahe
Gusti marang manungsa
Nanging.....
Kabeh bisa dadi
durjanane awake dhewe
nalika kabeh kuwi wis
ora mapan karo panggonane dhewe
bayangna...
nalika gunung ngutahke
kabeh isi wetenge
nalika samudra ngesok
banyu aneng darat
nalika geni ngobong
papane manungsa
nalika banyu saben dina
mudhun saka angkasa
dibarengi karo bledheg
sing nyamber - nyamber
nalika srengenge ora
bisa menehi sinare marang rembulan
jagad iki bakal peteng
ndedhet
ajur mumur
nalika jagad iki wis
ora bisa diajak memitran
apa sing bakal mbok
lakoni?
Jerit, tangise awake
dhewe bakal dadipangiringeSemarang,5 November 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar