BABAD
WONOSOBO
Ngepasi taun 1825, wekdal sakmenika taksih jaman perang pangeran
Diponegoro. Jaman semanten pangeran Diponegoro perang berontak nglawan Walanda.
Pangeran Diponegara inggih menika putrane raja Mataram. Panjenengane asli
saking kraton Ngayogyakarta. Ananging nalika badhe didadekake penggantine bapakke dados raja ing kraton
panjenengane Pangeran Diponegoro boten purun.
Pangeran Dipponegoro wiwit taksih alit
sampun dilatih prihatin kaliyan keadaanipun, saking latar belakang kondisi
jaman sakmenika ingkang nyebabaken
panjenganipun kedah dados tiyang ingkang merjuangaken hakipun tiyang
alit. Wiwit saking menika Pangeran Diponegoro ingkang rumaos tiyang ingkang
asli kelairan Tanah Air niki, panjenengane boten seranta mirsani masyarakat
sekitar ingkang dipun persani diperlakokake sewiyah-wiyah kaliyan walanda.
Panjenengane derek biyantu dhumateng para pejuang ingkang sami berontak marang
penjajah.
Ngepasaken wekdal bapakipun turun
tahta, bapakipun ngajengaken supados Pangeran Diponegoro nggantosaken
perjuanganipun dados raja ing kraton. Nanging Pangeran Diponegoro boten purun
kaliyan kekajenganipun bapake, piyambakipun milih budhal saking kraton. Panjenengane
dikancani dening pengikut-pengikute, salah satunggaling asma pengikutipun
inggih menika Raden Setjonegoro.
Inggih menika salah satunggaling
prajurit Pangeran Diponegoro, kasebat nama Raden Setjanegara. Raden Setjanegara
kesah wonten ing Tegal Reja tumut
Pangeran Diponegara. Raden Setjanegara
piyambakkipun taksih keturunan kraton. Piyambakipun prajurit
Pangeran Diponegoro ingkang sanget setia ambiyantu perang Pangeran Diponegoro
lumampah wonten pundi kemawon. Kaliyan para
pengikute Pangeran Diponegoro pindah wonten ing TegalRejo. Para kyai inggih
menika Kyai Kaladete tumut sareng kaliyan Raden Setjanegara budhal wonten ing
Tegal Reja. Tumut perjuangan wonten mrika. Pangeran Diponegoro luwih minat aktif wonten ing bidang
keagamaan. Panjenengane sanget aktif Nyiaraken babagan agama islam ngajak
tiyang-tiyang supados mlebet wonten ing ajaran islam.
Pangeran Diponegoro wonten ing Tegal
Rejo, wonten ing panggonanipun simbahe. Dibiyantu kaliyan para pengikute menika
Pangeran Diponegoro gadah pasukan peranti nglawan berontak kaliyan walanda.
Pangeran Diponegoro adamel pasukan pemberontak kaliyan para kiyai lan pengikutipun. Andadosaken para
tentara walanda sami wedos jaman sakmenika. Pangeran Diponegara maringi mandate
dhateng Raden Setjanegara supados dados Prajuritipun wonten ing TegalReja.
Wonten ing salah satunggaling dinten,
pasukan Pangeran Diponegoro diserang kaliyan tentara Walanda. Wektu ing jaman
sakmenika Walanda kalah lan telas-telasan perang kaliyan pasukanipun Pangeran
Diponegoro.
Kekalahan menika andadosaken pihak
walanda ngampet dendam kaliyan Pangeran Diponegoro. Pihak Walanda ngawontenaken
kados sayembara, inggih menika sinten kemawon ingkang saget nemokaken Pangeran
Diponegoro, piyambakipun angsal upah saking walanda. Kahanan menika andadosaken
uber-uberan kaliyan walanda.
Nanging ingkang dipun kajengaken pihak
Walanda ngantos dangu boten nuwuhaken hasil. Kahanan menika andadosaken
jengkele pihak Walanda. Warni-warni cara supados angsal Pangeran Diponegoro.
Dumugi wekdalipun Walanda mangertosi
menawi panggenanipun Raden Setjanegara lan pasukan wonten ing Tegal Reja.
Persinggahannipun Pangeran Diponegoro dipun serang kaliyan Walanda. Wekdal
sakmenika Raden Setjanegara kaliyan Pangeran Diponegoro ugi para Prajurit
taksih sami lena amargi sami saweg istirahat. Wekdal menika dalu.
Lajeng sanget kaget lan posisi boten
siap, lajeng maringi pirsa dateng Pangeran
Diponegoro bab penyerangan menika lajeng Raden Setjanegara, Pangeran Diponegoro
lan para prajurit nglawan kanthi tenaga sak wontene. Wekdal semanten pihakkipun
Pangeran Diponegoro kalah kaliyan Walanda. Kathah saking pasukanipun Pangeran
Diponegoro ingkang pejah lan porak poranda. Para kiayi lan para pengikutipun
Pangeran Diponegoro sami misah, pecah morak-marik.
Semanten ugi kaliyan Pangeran
Diponegoro piyambak, piyambakipun mecah misah budhal saking Tegal Rejo. Dipun
kancani kaliyan pengikut lan para kiayi sing isih turah, kaya Raden Tumenggung
Setjonegoro, kiayi Kala Dete lan isih akeh liyane.
Bareng-bareng Raden Tumenggung
Setjonegoro lan para kiayi, Pangeran Diponegoro mencar mlayu wonten ing daerah
Pekalongan, Bawang, Batang. ingkang sak sampunnipun ngliwati mergi menika Raden
Tumenggung Setjanegoro mlebet ing daerah pegunungan Dieng. Wekdal menika Kawasan Dieng taksih awujud alas.
Daerah menika asrep amargi awujud pegunungan. Wekdal sak menika dereng wonten pemukiman wonten
ing daerah pegunungan menika. Lajeng pangeran Diponegoro sanget sarujuk menawi
Raden Setjanegara mantep manggen ing daerah pegunungan menika.
Lajeng para kiayi lan Raden Setjonegoro nerusaken lampahanipun mandap saking
Dieng ingkang ugi taksih awujud alas. Lampahanipun Raden Setjonegoro kaliyan para kiayi menika andadosaken remen ing
panggalihipun.
Sak sampunipun ngiteri alas menika
Raden Setjonegoro karep badhe Babad Alas menika, lan dadosaken Alas menika
dados panggonan kagem ngumpet. Pangeran Diponegoro sanget remen kaliyan daerah
menika amargi, daerah menika sanget strategis kagem bertahan lan nyerang
nglawan Walanda, amargi daerah menika daerah pegunungan sanget ideal kagem para
pejuang pendukung Diponegoro.
Awit saking menika lajeng Raden
Setjanegoro kaliyan Kyai KalaDete dibiayantu nkaliyan kiayi Walik lan
murid-murid babad alas menika. Dadosaken daerah menika pemukiman lajeng maringi
nami daerah-daerah menika. Raden Setjanegara andadosken daerah menika kagem
masang strategi penyerangan nglawan Walanda.
Raden
Setjanegoro maringi asma alas menika Wonosobo. Arti Wonosobo inggih menika
saking tembung Wono = alas Saba/sobo= pada teka. Lajeng Raden Setjanegoro dipun
sebat tiyang ingkang pertama kali bubak alas Wonosobo. Wontening Wonosobo, Raden Setjanegara nglampahi kaping-kaping perang kaliyan Walanda.
Walanda ingkang sampun nyebar ing tlatah Jawi sampun mlebet ing daerah Wonosobo. Awit saking menika lajeng
Raden Setjanegoro kaliyan Kyai KalaDete dibiayantu kaliyan kiayi Walik lan
murid-murid babad alas menika. Dadosaken daerah menika pemukiman lajeng maringi
nami daerah-daerah menika. Raden Setjanegara andadosken daerah menika kagem
masang strategi penyerangan nglawan Walanda. Awit saking daerah menika arupi pegunungan sanget sae
kagem pertahanan.
Raden Setjanegoro sak derengipun mlampah mangulon,
panjenengnipun kathah maringi asma kaliyan daerah-daerah ingkang dipun liwati,
upami, wekdal panjenengane mlampah mangidul,
panjenengane ngginakaken jaran kapanggih kaliyan tiyang kakung sampun
sepuh taksih mecah watu, tiyang menika nggadahi asma mbah Krama, tiyang sepuh
menika saweg mecah watu. Lajeng daerah menika kaliyan Raden Setjanegoro dipun
paringi asma Selomerto, inggih menika saking tembung Selo=Watu/Merto=Mbah
Merto.
Lajeng Raden Setjonegoro kaliyan kiyai
Kala Dete kiayi Walik lan Raden Mangun Kusuma nglajengaken lampahanipun
mangidul malih, panjenengane mirsani watu kalih jejeran, lajeng panggonan
menika diparingi asma Selokrama Selo=Watu/Krama=bebojoan. Lajeng mangidul malih
panjenengane mirsani pemandangan ingkang sarwa elok ing soca, lajeng panggonan
menika dipun paringi asma Sawangan. Inggih menika ingkang anggadahi arti
disawang-sawang katon elok.
Raden Setjonegoro babad Alas menika dipun kancani
kaliyan para pengikutipun inggih menika para kiayi. Panajenengane bareng-bareng
ngiteri daerah Wonosobo lan damel pemukiman sarta mergi-mergi ing tengah daerah
wonosobo.
Raden Setjonegoro lajeng dados ingkang mrintah wonten
Wonosobo nomer satunggal. Ingkang wekdal menika
taksih arupi kerajaan. Kerajaan sak meinka dados bentengipun saking Pangeran
Diponegoro saking Wonosobo. Ingkang wekdal menika Wonosobo taksih peninggalan
jaman Kerajaan Mataram.
Raden Setjonegoro damel padepokan
wonten ing Selomerto, padepokan menika kangge pepanggihan kaliyan petinggi-petinggi
keraajaan wekdal menika. Wekdal menika
pusat pamrentahan Wonosobo menika wonten ing Selomerto. . Raden
Setjanegara dipilih dados prajurit mimpin pasukan wonten ing penyerangan
Walanda ing daerah Wonosobo. Raden Setjanegara dipun arani Tumenggung amargi
anggenipun perang Walanda ngantos
daerah Magelang, Purworejo, Kebumen lan Wonosobo. Daerah penyeranganipun Raden
Setjanegara menika dipun wastani daerah Ledok. Lan aslinipun asma Wonosobo
menika woonten ing Selomerto, teng mrika wonten daerah ingkang asma Wonosobo.
Pramila sakmenika wonten daerah ingkang dipun sebat Tunggara, saking tembung
Turangga utawi Jaran. Dipun critakaken menawi daerah menika wauipun
didadosaken panggenan nguger jaran para ppanginggil kerajaan, daerah menika
wonten ing pojk paling kidul daerah Wonosobo. Amargi kala jaman rumiyin upami
badhe budhal wonten padepokan/pendopo kedah ninggal jaran wonten Turangga
menika. Boten angsal ambekta jaran wonten ing sak lebetipun lingkungan Pendopo.
Lan akhire Raden Setjanegara sampun tebih mlampah mangilen, lajeng piyambakipun
dhateng wonten kraton Selomerto. Dados daerah kota Wonosobo ingkang menika namung pelebaran saking Selomerto
rumiyin.
Ananging wekdal taun1830 Raden
Setjonegoro ngawontenaken boyong kori pusat Pamrentahan Wonosoobo, ingkang
sakderengipun mneika saking desa Plobangan Selomerto pinuju wonten ing daerah
Wonosobo kota ingkang sak niki. Raden Tumenggung pindah wonten ing Pendopo
Kabupaten. Sistem pamrentahan sakmenika taksih migunakaken sistim
pamrentahan Mataram, awitipun daerah
Wonosobo kala riyen menika dipun kuasani kaliyan kerajaan hindhu-budha
Mataraman.
Lingkungan Pendopo menika dipun damel
lan diatur dening para kiayi, kiayi kaladete, kiayi Walik lan Kiayi Karim.
Sejatosipun Raden Setjanegara menika
inggih tiyang nomer sepisan ingkang babad alas Wonosobo, ananging sak sampunipun babad
panjenengane lajeng ninggalaken Wonosobo. Mubeng wonten ing daerah-daerah
sanesipun.
Niki andadosaken pamanggih iingkang
benten, amargi sak derengipun Raden Setjanegoro
badhe budhal saking Wonosobo piyambakipun ninggal para kiayi kangge tetep
manggon wonten ing Wonosobo. Inggih
menika kiayi Kaladete, kiayi Walik lan Kiayi Karim.
Para kiayi menika lajeng nerusaken
lelampahanipun dipun rencangi para keluarganipun piyambak-piyambak. Para kiayi
menika manggon wonten ing daerah ingkang benten.
Kiayi Walik wonten ing daerah ingkang rada rendah, ngggih
menika wonten ing kuthanipun Wonosobo. Kiyai Walik menika murid saking kiyai
Kaladete. Kiyai Walik luwih asring obah wonten ing bidang keagamaan. Peran
Kiyai Walik nggadahi keistimewaan, boten ketang jati dirinipun boten dipun
mangertosi, punapa piyambakipun menika tiyang ulama utawi panginggil. Nanging
ing cetha piyambakipun aktif wonten ing bidang keagamaan. Miturut masyarakat
panjenengane nggadahi kekiyatan ingkang luarbiasa. Panjenenganne disebat dados
perintis tatanan pembangunan kota Wonosobo. Ingkang wekdal menika tasih awujud
alas.
Miturut cariyosipun pocapan kiyai
Walik menika sanged manjur lan dados kedadean. Wonten tuladha wekdal kiyai
Walik wonten ing satunggaling panggonan piyambakipun nyebar gabah kaliyan
ngendika ning kene arep dadi panggonan suci. Punapa ingkang dipun ngendikaaken
menika dados kesunyatan. Ing wekdal Wonosobo sampun berkembang, panggenan
menika dibangun sebuah masjid menika masjid Jami’.
Wonten ing panggenan sanesipun,
panjenengane nyebar gabah kaliyan ngendika ning kene arep kumpul wong-wong
ingkang durjana. Lajeng panggenan menika ngadek penjara. Lajeng nyebar ing
daerah sanesipun nyebar gabah kaliyan ngendika ning kene arep kumpul wong-wong
akeh. Lajeng sak menika panggenan niku
dados alun-alun Wonosobo.
Kaliyan kapinteran lan kesalehanipun
panjenengane bangun Wonosobo kanthi tatanan islam. Kados ingkang dipun bangun
kaliyan para wali sanga. Tata ruanganipun perkotaan mangsa pra-islam ingkang
dados warisan kabudayan mangsa klasik pinuju mangsa islam. Ingkang wekdal
samenika kathah pengunjung ingkang bektha ajaran islam.
Lajeng menawi kiyai Kaladete wonten
ing daerah kalibeber kaliyan murid lan rayinipun inggih menika kiyai Karim lan
kiyai Wiragati. Wonten ing ngriku kiyai kaladete andamel pondok pesantren. Ngantos
dumugi kathah sanged para santri ingkang mlebet wonten ing pesantren menika.
Ingkang saklajengipun kiyai kaladete muksa wonten ing dieng, ngilang
dados badan alus. Ing salah satunggaling dinten rayinipun kiyai kaladete inggih
menika kiyai wiragati kepengen sanged pinanggih kaliyan ingkang raka. Ananging
sangged ewet dipun panggihi. Lajeng kiyai wiragati mandeng ing daerah lor.
Dumadakkan teka pedut, saknalika pedut menika nggawa kiyai wiragati wonten ing
sawijining kerajaan. Kerajaan menika endah sanged. Kiyai wiragati pinanggih
kaliyan salah satunggaling prajurit. Lajeng dipun takeni kaliyan prajurit
menika. Prajurit menika taken wonten wigati punapa kiyai wiragati rawuh dating
ngriki. Lajeng kiyai wiragati ngendika menawi piyambakipun kepingen pinanggih
kaliyan ingkang raka. Lajeng kaliyan prajurit menika kiyai wiragati dipun
angsalaken pinanggih kaliyan kiyai kaladete. Jebulane kadhatenganipun kiayi
Wiragati menika dipun dawuhi kaliyan kiyai Kaladete piyambak. lajeng kiyai
Wiragati sanget bungah. Kiyai Kaladete maringi encis kaliyan kunir teng kiyai Wiragati. Pesenipun supados kunir
menika dipun pendem supados mangke malih emas ingkang saged andadosaken
sugihipun Wiragati lan encis menika dipun simpen lan diparengaken kaliyan
keturunanipun ingkang mangke dados pemimpin ing pamrentahan Wonosobo.
Sakbibaripun atur panyerahan menika lajeng kahanan menika awujud alas
malih. Kahanan kerajaan wau ical. Lajeng kiyai Wiragati kondur menyang
Kalibeber. Saking pesenipun kiyai Kaladete, kiyai Wiragati lajeng nandur kunir
menika lan kunir menika dados emas. Andadosaken kiyai wiragati sugih.
Lajeng dumugi wekdalipun encis
menika dipun paringaken dhateng bupati Wonosobo, inggih menika Ki Tumenggung
Jaga negara.
Ngantos dumugi ing wekdal menika panjenenganipun kiyai Kaladete dipun
pitadosi taksih gesang boten saged seda. Lan dados panguasanipun donyanipun
para jin. Kiyai Kaladete menika ugi dipun pitadosi anggadahi rambut gembel.
Nganti sak menika lare alit ingkang kagungan rambut gembel. Rambut gembel
menika turene kalebet rambut kutukan. Lare alit ingkang anggadahi rambut gembel
menika dipun pitadosi taksih keturunan kiyai Kaladete.
Anak turunan kiyai Kaladete ingkang anggadahi rambut gembel menika
umpami rambut dipun jungkati mila andadosaken lare menika sakit. Lare menika
boten angsal dipun cukur sawiyah-wiyah amarga umpami dibekta wonten ing pasar
lajeng dipun cukur, mangke sak tibane ana omah rambut ingkang dipun cukur
bakale tukul gembel maneh kados sakderenge.
Lare ingkang anggadahi rambut gembel menika badhe saklawase gembel,
umpami bocah menika boten dipun ruwat. Tatacaranipun ngruwat inggih menika
bocah kasebut kedah diadepaken wonten ing ngajeng makam kiyai Kaladete. Rambut
gembel wau diresmikaken dening para leluhur utawa diluberi bocah ingkang
anggadhahi rambut gembel kedah gadhah panjalukan, dene panjalukan menika kedah
dipun sembadani supados rambut menika boten tukul malih.
Pancukuran rambut gembel dipun iringi kaliyan adicara slametan utawa
bocah kasebut kedah dipun slameti supaya bocah kasebut slamet boten wonten
alangan lan kedadean ingkang boten dijaluk. Dene pencukuran rambut gembel ugi
saged dipun tindakake kiyambak.
Tradisi ruwatan dumugi sak menika taksih kenthel wonten ing tlatah
Wonosobo. Dene ruwatan rambut gembel menika dipun wontenake saben wengi setunggal sura, mapan wonten ing
Dieng.
Sedaya para kiyai ingkang sowan wonten Wonosobo anggadhahi pengaruh
ingkang ageng kagem kemakmuraning Wonosobo. Para kiyai menika ingkang mengkone bakal nekakake tarian lengger. Dene
kiyai walik ingkang mapan wonten ing daerah ngandhap utawa daerah kutha,
panjenenganipun anggadhahi kautaman ing masalah kapemimpinan. Panjenenganipun
kalebet ulama lan pemimpin ingkang
mangertosi marang rakyatipun. Dene saking kiyai Walik menika mijilaken
wong-wong ingkang pinter utawa cendikia. Piyambakipun ngatur wonten ing daerah
kutha, menawi kiyai Karim mapan wonten ing daerah ler yaiku ing Kalibeber.
Kiyai Karim menika nuruni para santri ingkang kathah lan ugi nuruni wong-wong
ingkang pinter ngatur pamerentahan Wonosobo.
Sak bidhalipun saking Wonosobo Raden Setjanegara mlampah wonten
Banjarnegara, wonten mergi anuju Banjarnegara piyambakipun kepanggih kaliyan
Dipoyuda. Raden Setjanegara boten namung mlampah mangilen wonten Banjar mawon,
ananging panjenengane ugi mlampah ngantosndaerah purworjo, magelang, klaten. Raden Setjanegara perang wonten ing Magelang,
Purworejo, Klaten. Awit sak menika anggenipun babad Wonosobo sampun rampung.
Senadjan Raden Setjanegara menika pindah-pindah wonten daerah-daerah
pundi kemawon, namung piyambakipun sejatosipun sampun dipun angkat kaliyan
pangeran Diponegoro penguasa wonten daerah Ledok, sawaktu langsungipun perang
kalian Walanda.
.
Raden Setjanegara, sampun angsal tugas saking Pangeran Diponegoro kagem
ngerahaken prajuritipun kangge ngepung Walanda
wonten Ledok.
Raden Setjanegoro, sanget dipun boten
senengi kaliyan Walanda, amargi panjenengane sanged setia dados
pandukungannipun Pangeran Diponegoro. Panjenengane paling gencar boten gadahi
rasa nyerah kaliyan Walanda. Kathah saking Walanda ingkang kalah sawektu
panjenengane ngrewangi Pangeran Diponegoro. Lajeng Raden Setjanegoro
diadadosaken panglima perang wonten Ledok.
Panjenengange ugi diangkat dados Tumenggung Wonten Ledok kaliyan
Pangeran Diponegoro. Niki ingkang dados tambahipun asma wonten ngajeng asma
Raden Setjanegara, menawi asma Raden menika dipun pendet saking amargi
panjenengane taksih keturunan kraton. Niki andadosaken asma panjenenganipun
tambah. Inggih menika ingkang sakderengipun asma Raden Setjanegara dados Raden
Tumenggung Setjanegara. Pejahipun Pangeran Diponegoro taun 1829 wonten
Magelang.
Raden Tumenggung Setjanegara dipun pengsiunaken 8 Maret 1831 dipun
gantos kaliyan Raden Tumenggung Mangunkusuma. Raden Tumenggung Mangunkusuma
menika mrentah Kabupaten Wonosobo saksampunipun sistim pamrentahan dados
Bupati, menawi Raden Tumenggung Setjanegara menika taksih sistim kerajaan.
Penyebaran wilayah wonten Ledok Wonosobo menika Kagem merangi Walanda
dumugi bibaripun perang Diponegoro taun 1830.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar