1.
PURWAKANTHI
Purwakanthi tegese
aksara, swara utawa tetembungan sing padha ing sajroning ukara. Ing basa
Indonesia diarani persamaan bunyi utawa sajak. Purwakanthi kaperang dadi telu :
a. Purwakanthi
Guru Swara yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasane tembung.
Tuladha
:
-
Ana awan, ana pangan
-
Ngalah, nanging oleh
-
Sing salah, kudu seleh
-
Inggah-inggih, mboten kepanggih
-
Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
b. Purwakanthi
Guru Sastra yaiku Purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitan
wanda utawa tetembungane.
Tuladha:
-
Tata titi tutug tatag, tanggung tertib
-
Katula-tula ketali
-
Laras, lurus, leres, laris
-
Makuta, makuti, makuten
-
Sing weweh bakal wuwuh
-
Bobot, bibit, bebet
c. Purwakanthi
Lumaksita (Guru Basa) yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane.
Tuladha
:
-
Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
-
Lungguh dingklik, dingklike wong
ciliki-cilik
-
Mangan ati, atine sing kelara-lara
-
Nandhang lara , larane wong lara lapa
-
Rujak degan, degane krambil ijo
-
Witing tresna, tresna mung sawetara
2. WANGSALAN
Wangsalan yaiku unen-unen utawa
tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangene wis dikandakake, mung
anggone ngandakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha. Nanging sarana
disebutake sawanda utawa luwih.
Tuladha :
-
Jenang gula, kowe aja lali.(jenang gula
= gulali)
-
Mbalung janur, gelema paring usada.
(balung janur = sada)
-
Kembang jambu, kemaruk duwe dolanan
anyar. (kembang jambu = karuk + dadi kemaruk)
-
Lawang gedhe tengah dalan, menawi lepat
nyuwun ngapura. (Lawang gedhe tengah dalan = gapura)
3. PARIKAN
Parikan yaiku tetembungan utawa
unen-unen sing duweni pathokan utawa pugeran ajeg.
Ana 2 jenis parikan yaiku :
a. Parikan
sing dumadi saka rong gatra (parikan tunggal)
b. Parikan
sing dumadi saka patang gatra (parikan rangkep)
Tuladha :
-
Wedang bubuk, gula Jawa
Yen
kepethuk, ati gela
-
Sepet-sepet, sawone mentah
Diempet-empet,
selak ra betah
-
Manuk emprit, menclok godhong tebu
Dadi
murid, sing sregep sinau
-
Manuk kutut, mangune ngganter
Yen
ra nurut, bisa keblinger
-
Esuk nyuling sore nyuling, sulinge arek
Surabaya
Esuk
eling sore eling, sing dielingi ora rumangsa
-
Awan-awan aja keluyuran, ana pak mantri
numpak sekuter
Kapan-kapan
aku keturutan, duwe kanca sinau pinter
Tidak ada komentar:
Posting Komentar